Nyoba Kasetyane Gusti

28 February 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 78 : 17 – 20 | Pamuji : KPK 150 : 1, 2
Nats: “Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-nepsune.” [ayat 18]

Wonten prawan ingkang badhe ningali sepinten kasetyaning pacaripun dhateng piyambakipun. Prawan punika nyuwun tulung dhateng rencangipun murih nyelaki sang pacar kanthi kenalan sarta jalan bareng. Dangu-dangu karana si jaka punika kepencut, prawan punika ngraosaken bilih pacaripun, sampun berubah. Mboten gemati, awis-awis telpon, SMS lan WA-an. Si jaka terbukti mboten setya dhateng pacaripun ing satengah ujian ingkang dipundamel. Tanpa mangu-mangukekalihipun putus pacaran.

Nyobi kasetyan pacar mboten sami kaliyan nyobi kasetyanipun Gusti. Nyobi kasetyanipun pacar punika sah-sah kemawon, karana kita dereng sumerep kanthi saestu wataking manungsa. Punapa pancen setya, punapa gampil ngapusi, jujur, nesuan, punapa saged dipunpercaya, lsp. Ananging nyobi kasetyanipun Gusti punika ingkang dados pitakenan ageng. Punapa kasetyanipun Gusti pancen perlu dipunbuktekaken ing lampah gesang kita?

Punapa taksih kirang sih katresnanipun Gusti ingkang dipuntumrahaken dhateng kita putra-putranipun. Cobi punapa kemawon ingkang tansah kita suwun saben dinten dhateng Gusti? Pinten perangan? Kasunyatanipun peparingipun Gusti langkung saking perangan ingkang kita suwun. Malah tanpa kita suwun, Gusti mboten badhe kesupen nyarengi, nuntun lan nyekapi kabetahan kita.

Prekawisipun, manungsa punika pikajengipun kathah lan nyuwunipun warni-warni. Punjeripun namung badhe nguja hawa nepsunipun piyambak. Gusti dipundamel “pemuas” karep manahipun manungsa.

Mboten perlu nyuwun bukti sihkatresnanipun Gusti. Menawi kita saweg ngraosaken momotaning gesang, perhatian kita punika sampun ngantos namung ngener ing titik persoalan kalawau. Ananging mangga ngetang lan ngraosaken malih pakaryanipun Gusti ingkang sampun kita tampeni. Kita badhe kaeraman. Ing wegdal ingkang sami, Gusti nembe nyawisaken berkah kekiyatan lan pitulungan tumrap kita. [PKS]

Tuhan memberi lebih dari yang kita doakan.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak