Waosan: Lukas 9:21-27 | Pamuji: KPK 60:1,2
Nats: “sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane” (24b)
Nalika seratan punika badhe kula rampungaken, …ndilalah komputeripun macet. Sampun kula cobi ndandosi piyambak nanging tetep macet. Wusananipun kula nyuwun tulung tukang ingkang sampun kulina ndandosi komputer. Samangke komputer kula mboten macet malih, lan kula saged ngrampungaken seratan punika.
Saben perabotan punika wonten ahlinipun. Mboten sedaya tiyang saged ndandosi perabotan ingkang risak, menawi sanes bageyanipun. Ahli komputer pendamelanipun ndandosi komputer. Ahli mesin pendamelanipun ndandosi mesin. Ahli kesehatan pendamelanipun ndandosi kesehatan. Saben bageyan gesang kita punika sampun wonten ahlinipun piyambak-piyambak.
Peranganipun gesang ugi sampun wonten ahlinipun. Ahli nyawa, mboten wonten ingkang ngungkuli INGKANG NITAHAKEN NYAWA. Ingkang nitahaken nyawa inggih Gusti Allah pribadi. Panjenenganipun ingkang nitahaken samukawis prekawis ing alam donya punika, mila Panjenenganipun ugi ingkang kagungan kuwaos lan dados ahlinipun sedaya titah.
Gusti Yesus, Sang Sabda ingkang nitahaken samukawis prekawis (Yokanan 1:1), paring sabda ing waosan kita dinten punika….(ayat 24) “Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.” Sabda punika raosipun aneh kangge kuping lan nalar kita. Kados pundi tiyang ingkang ngeksa nyawanipun malah kecalan nyawanipun? Kosokwangsulipun ingkang kecalan nyawa awit saking asmanipun Gusti malah kawastanan wilujeng?
Menawi kita ngrimati gesang kita manut pikajeng kita piyambak, tanpa nyuwun pitulunganipun Sang Ahli Gesang, mesthi badhe manggihaken karisakan. Sang Ahli Gesang sampun dhawuh bilih kita mesthi wilujeng angger kita manut ing dhawuhIPUN. [DLS]
“Pasanganipun Gusti punika sekeca lan momotanipun punika entheng.“ (Matius 11:30)