Netepi Janji

20 September 2016

Waosan : 2 Petrus 3 : 8 – 13 | Pamuji : KPK 138
Nats: “Pangeran ora mblenjani janjine, … nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai,…” [ayat 9]

Bapak Damar janji dhateng Bambang putranipun: “Le, Bapak janji engko yen sampean lulus sekolah, Bapak tumbasne sepeda.” Janji punika dados penyemangat kangge Bambang supados sinau kanthi temen lan saged siap ngadhepi ujian kanthi sae. Nalika wekdal kelulusan, Bambang lulus lan dados lulusan paling sae sasekolahipun. Pak Damar ingkang sampun janji ugi netepi punapa ingkang dados janjinipun.

Benten kaliyan cariyosipun Adit (17th) ingkang janji dhateng bu Ana ibunipun. Piyambakipun nyuwun arta kangge bayar buku lan SPP sekolah Rp. 500.000, – . Piyambakipun janji arta punika enggal dipun bayaraken, nyatanipun arta punika dipun damel seneng-seneng kaliyan kanca-kancanipun ningali film lan nraktir tetedhan. Sasampunipun 3 wulan, bu Ana dipun timbali pihak sekolah, dipun paringi sumerep bilih Adit nggadhahi tunggakan SPP 3 wulan. Perkawis punika ndadosaken bu Ana gela.

Rasul Petrus paring gambaran bilih Gusti Allah tansah setya tumrap sedaya janji-janjinipun dhateng manungsa. Gusti sampun janji paring kawilujengan lan gesang langgeng kangge para pitados. Janji punika nedahaken supados para umat ingkang tumindak mbalela, awon, dhawah ing dosa tetep wonten kawilujengan srana purun mratobat ing ngarsanipun Gusti.

Asring manungsa punika kados anak dhateng tiyang sepuhipun. Asring janji setya tuhu dhateng Gusti Allah, nanging boten netepi janjinipun. Karana punika Rasul Petrus ngajak kita sami netepi janji-janji kita dhateng Gusti. Nalika sidi kita janji setya tuhu ndherek Gusti Yesus selamining gesang. Kados pundi kasunyatanipun? Nalika daup suci, kita janji setya dhateng semah ing sedaya kahanan. Punapa kita sampun setya dhateng semah kita? Nalika kita mbaptisaken putra/i, kita janji nggulawenthah lan dados tuladha ingkang sae kangge putra/i kita. Punapa kita sampun dados tiyang sepuh ingkang sae lan maringi tuladha ingkang sae? Bilih Gusti Allah tansah netepi sedaya janji-janjinipun dhateng kita, mangga sapunika kita ugi netepi janji lan kasetyan kita dhateng Gusti Allah. [AR]

“Netepana janjimu marang Gusti, iku kang bakal nyantosakke kowe.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak