Nduweni Tetebusan

28 March 2017

Waosan : Kolose 1 : 9 – 14 | Pamuji : KPK 164
Nats: “Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.” [ayat 14]

Rasul Paulus dereng nate pinanggih kaliyan warga pasamuwan ing Kolose. Nanging panjenenganipun estu migatosaken pasamuwan punika, ketitik saking pandonganipun ing waosan dinten punika. “Rahayu wong kang pracaya tanpa ndeleng”, makaten tetembungan ingkang misuwur ing antawis kita. Pitados punika pancen tumindak ingkang nggumunaken, yakin tanpa ningali. Inggih makaten ingkang dipun lampahi dening Rasul Paulus. Pitadosipun dhumateng Gusti Yesus lan katresnanipun dhumateng Allah ndadosaken Paulus setya nglampahi timbalanipun leladi kangge Pasamuwan ing Kolose. Dhateng pasamuwan ing Kolose, Paulus ngemutaken bab kapitadosan Kristen ingkang sejati ingkang benten kaliyan piwucalipun para guru agami ing Kolose.

Kados limrahipun masyarakat ing pundi-pundi panggenan, warga Pasamuwan ing Kolose ugi pitados dhateng sinten ingkang dipun wastani tiyang pinter lan wasis. Tiyang pinter punika dipun anggep sami kaliyan tiyang ingkang gesangipun leres. Nanging ing kekristenan wonten pemanggih ingkang enggal, ingkang benten kaliyan anggepan wiwitan kalawau. Kapinteranipun manungsa punika sanes kawicaksananipun Allah. Kapinteran tanpa katresnan malah mboten sae kangge gesangipun manungsa. Kapinteran tanpa katresnan malah ngrisak tatanan gesang sedaya titah ing salumahing bumi. Paulus nedahaken piwucal ingkang leres saking Gusti. Kapinteran ingkang sejati punika namung saking Allah ingkang Mahapirsa. Kawruh ingkang saking Allah punika kawruh ingkang leladi kangge kasaenaning sedaya titah. Tiyang ingkang ngrumaosi bilih kapinteranipun mijil saking badanipun piyambak punika benten kaliyan tiyang ingkang pitados bilih kapinteranipun minangka peparingipun Gusti.

Miturut Rasul Paulus, Roh Suci nenuntun tiyang pitados, mangertosi dhawuhipun Gusti ngugemi lan martosaken dhawuh punika kangge tiyang kathah. Kita saged nglampahi kasaenan namung awit pitulunganipun Roh Suci. Kapitadosan kita ingkang murugaken kita saged nulad Gusti. Keraton swarga punika tegesipun ing pundi Gusti Yesus jumeneng ratunipun. Namung ing papan lan kawontenan punika sedaya titah tinebus dosanipun. [DLS]

Wilujeng punika tegesipun namung ngabdi dhumateng Gusti.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak