Waosan : Rum 6 : 1 – 11 | Pujian: KPK 45
Nats: “Yen mangkono, apa kang bakal kita kandhakake? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih-rahmat?”[ayat 1]

Ing satunggaling dinten, Pak Yusuf pikantuk serat saking sekolahanipun Budi, putranipun ingkang mbarep. Wosipun serat punika nedahaken bilih Budi nembe pikantuk pepeling saking sekolahan krana piyambakipun asring mbolos sekolah. Tamtunipun Pak Yusuf rumaos lingsem lan duka sanget dhateng putranipun. Piyambakipun boten nyangka menawi Budi punika asring mbolos sekolah.

Ing wekdal samangke, kathah lare-lare sekolah ingkang tumindak nakal. Wonten ingkang remen tukaran, mbolos sekolah, ngrokok, ngrepek nalika ujian, rame wonten ing kelas, lsp. Menawi dipun penggalih, lare-lare kalawau sami tumindak nakal jalaran piyambakipun taksih ngupadi jati dhiri, kepingin dipun ajeni, lan kepingin dipun tresnani tiyang sepuhipun.

Nats waosan kita punika gandheng kaliyan suraosipun Rum 5: 30 : ”Nanging bareng angger-anggering Toret kaparingake, panerak dadi saya akeh, menawa dosa saya akeh, sih rahmat dadi saya luber.” Tanpa sadhar, kita ugi asring tumindak nakal wonten ngarsanipun Gusti Allah. Minangka tiyang ingkang sampun dipun luwari saking pangwasaning dosa, kita boten pareng tumindak dosa malih. Nanging sanyatanipun kita taksih asring kapilut manising dosa, pramila kita rumaos kangen nglampahi dosa malih, kepengin wangsul dhateng gesang ingkang lami.

Rasul Paulus paring pepeling dhateng kita supados boten nglampahi gesang ingkang lamis (munafik). Sedaya tumindak dosa utawi gesang lami kedah kita kubur. Panerak kita badhe njalari kasedihanipun Gusti Allah awit kagungan putra ingkang nakal lan remen mbalela, remen nglampahi dosa malih. Pepeling punika ateges bilih kita kedah sadhar diri bilih kita punika sampun katebus srana pangurbananipun Sang Kristus. Pramila sampun pantes menawi gesang kita tansah mujudaken gesang ingkang enggal, gesang kangge kaluhuran Asmanipun Gusti Allah ing salebeting Sang Kristus. [DK]

“Sapa nakal bakal sial. Ning putraning Allah mesthine manut.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak