Mratobato!

8 December 2016

Waosan : 2 Petrus 3 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 163
Nats: “Pangeran ora mblenjani janjine, … Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.” [ayat 9]

Ing papan pasinaon, yen wonten anak sekolah ingkang biji ujianipun boten sae, piyambakipun kedah tumut ujian ulang (remidi). Tujuan remidi punika supados anak saged ngupaya biji ujian ingkang langkung sae. Mekaten ing gesangipun manungsa, wonten istilah “kesempatan kedua”, tegesipun saben manungsa dipun paringi kesempatan kangge ndandosi tumindakipun. Contonipun, tiyang ingkang saderengipun dados maling saged dados tiyang sae lan dipun tampi dening masyarakat. Kados pundi caranipun? Boten sanes tiyang punika purun ngewahi tumindakipun. Nalika piyambakipun dipun kunjara, piyambakipun rumaos getun lan nlangsani tumindak awonipun. Sasampunipun nampi paukuman, piyambakipun mratobat, boten ngambali tumindak maling. Tiyang punika nyadhari kalepatanipun lan nggadhahi tekat kangge ngupaya tumindak sae sarana nyambut damel ingkang temen sarta nebihi tumindak awon.

Gusti Allah kita punika Gusti ingkang Mahaasih lan kebak sih pangapura dhateng manungsa. Kados ing waosan kita, Rasul Petrus ngengetaken dhateng kita bab dinten wekasan. Ing dinten wekasan, katah tiyang ingkang nguja hawa nepsunipun, medharaken piwucal awon, sarta tumindak awon dhateng sesaminipun. Saged kemawon Allah ngukum tiyang-tiyang ingkang tumindak mekaten, nanging Gusti Allah maringi “kesempatan kedua” kangge mratobat.

Jaman samangke saged dipun wastani jaman wekasan. Jaman ing pundi kathah manungsa ingkang boten ajrih dhateng Gusti Allah. Kita minangka umatipun Allah menawi boten jumaga lan waspada saged ugi dhawah ing tumindak awon. Malah mbokmenawi kathah tiyang Kristen ingkang tindak-tanduk gesangipun boten “ngristeni”. Menawi sampun mekaten, mangga kita sami mratobat mumpung Gusti Allah taksih maringi wekdal lan kesempatan kangge kita. Mangga kita nyelak dhateng Gusti, kita ngakeni sedaya dosa lan kalepatan kita dhateng Gusti lan sesami! Gusti Allah nimbali kita supados mratobat. Mangga kita mangsuli karsanipun Gusti punika, srana nglampahi gesang ingkang mbangun turut dhateng Panjenenganipun. [AR]

“Purun ngakeni dosa, purun mratobat, wantun tumindak kasaenan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak