Waosan: Yesaya 48:6-11 | Pamuji: KPK 83
Nats: “Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSun lan marga saka misuwuringSun, Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.“ (ayat 9)
“Memaafkan adalah kekuatan cinta sejati”, satunggaling pituturipun tiyang sepuh kangge putranipun ingkang badhe nglampahi gesang bebrayatan, wonten ing satunggiling cawisan manten. Pitutur ingkang sepele nanging mboten saged dipun sepelekaken. Karana ing salebeting gesang bebrayatan mesthi wonten pangucap utawi tumindak ingkang sok nglarakne ati. Menawi antawisipun anggota keluarga mboten kersa apura-ingapura, brayatipun saged crah. Kamangka, sanes prekawis ingkang gampil, maringi sepura dhateng tiyang ingkang sengaja utawi mboten sengaja natoni manah kita. Menapa malih menawi ingkang natoni menika tiyang ingkang kita tresnani lan nresnani kita. Ingkang kalair malah tembung-tembung: “jarene tresna tapi kok nglarani”, “jarene kanca tapi kok tega”, lsp.
Lelampahan ingkang mekaten menika ugi saged kedadosan ing gesanging pasamuwan sarta ing gesang bebrayan agung (masyarakat). Pramila, pitutur “Memaafkan adalah kekuatan cinta sejati”, prayoginipun dados wewaton ingkang kaetrapaken ing gesang padintenan. Ngetrapaken pitutur menika mboten namung njagi supados gesang ingkang kita lampahi ing gesang bebrayatan, pasamuwan sarta bebrayan agung mboten crah, nanging karana Gusti Allah sampun langkung rumiyin nindakaken menika dhateng kita.
Gusti pirsa kita menika tiyang ingkang mbalela wiwit ing salebeting guwa garba (ayat 8). Ewasemanten Gusti kersa ngampet dukanipun, supados kita mboten kasirnakaken karana asma lan misuwuripun Gusti.
Ing tema “Menyatakan karya Allah dengan kekuatan cinta kasih” menika, kita sami kaengetaken bilih kita nggadhahi jejibahan mujudaken pakaryanipun Gusti. Lan lumantar waosan Kitab Suci menika kita kawucal dening Gusti ingkang kersa ngapunten kita. Dados kita saged sami mujudaken pakaryanipun Gusti kanthi apura-ingapura, awit “Memaafkan adalah kekuatan cinta sejati”.
Gusti Allah sampun ngrumiyini mujudaken katresnanipun dhateng kita kanthi nyandhet dukanipun sarta ngapunten kalepatan kita. Pramila kita ugi kedah purun ngapunten kangge mujudaken pakaryanipun Gusti. (wati)
“Pangapura kuwi wujuding katresnan sejati.”