Waosan : Ibrani 11 : 29 – 12 : 2 | Pamuji : KPK 116 : 1 – 3
Nats: “Mulané ayo kita padha nyingkiraké sakèhing prekara sing ngalang-alangi laku kita, lan dosa sing tansah tumèmplèk ing awak kita. Ayo kita padha mèlu balapan mlayu.” [ayat : 12: 1]
Adatipun tiyang ingkang ndherek lomba lari ngagem rasukan olah raga. Punapa ingkang kedadosan menawi lomba lari, ngagem rasukan panganten kaliyan nggendhong? Tamtu rasukan ingkang dipun agem badhe nyrimpeti lan tiyang ingkang dipun gendhong dados momotan. Punika ingkang kedadosan kala 28 Nopember 2015, ing Bangkok Thailand ing salebeting kompetisi “Running of the Brides”. Atusan pasangan suami istri ngagem rasukan panganten ndherek lomba lari, ingkang hadiahipun 1 juta Thai bath utawi watawis 380 yuta rupiah. Mlajeng klayan momotan, tamtu ewet lan awrat sanget. Tamtu mboten gampil saged menang ing lomba punika.
Dhawuhipun Gusti ing dinten punika ngegetaken kita bilih anggen kita nglampahi gesang, kados tiyang ingkang saweg ndherek ing balapan mlajeng (lomba lari). Kados pundi caranipun supados kita saged mimpang? Dhawuhipun Gusti nerangkan bilih kita kedah sami mbuwang sekathahing momotan sarta dosa ingkang tansah ngganggu-gawe lampahing gesang kita (12: 1). Kanthi sabar mantep ngayahi balapan ingkang dados kewajiban kita (ayat 2). Perkawis punika ugi kita lampahi kanthi mandeng dhumateng Gusti Yesus.
Anggen kita ngayahi gesang punika pancen awrat. Leres sanget menawi kagambarken kados dene tiyang ingkang saweg balapan mlajeng kanthi momotan. Mbokmenawi kita asring “ngos-ngosan” lan mboten kiyat malih nglampahi gesang. Sambat lan ngresula. Gesang pancen awrat. Nanging ing dinten punika Gusti ngengetaken, bilih kita kedah mbuwang sekathahing momotan lan dosa, sabar, lan mandeng dhumateng Gusti. Punika ateges bilih kita sumeleh wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus minangka juru wilujeng. Kita dipun ajak masrahaken sedaya momotaning gesang kita dhumateng Gusti Yesus. Kita kedah menang ing balapan punika. Sumangga sami pasrah dhumateng Gusti Yesus. [SWT]
“Sesarengan Gusti mboten wonten ingkang awrat.”