Waosan : Filemon 1 – 21 | Pamuji : KPK 62
Nats: “Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku.” [ayat 21b]
Minangka pemimpin, Rasul Paulus kagungan kathah tugas lan tanggel jawab. Punapa malih nalika samanten Rasul Paulus saweg kinunjara, ingkang ateges ngadhepi prekawis ingkang mboten entheng. Peladosan pekabaran Injil ing pundi-pundi pasamuwan sampun repot sanget. Dados, urusan kaliyan pamarentah nambahi pikiranipun Sang Rasul. Nanging ing waosan kita dinten punika kapratelakaken bilih kejawi ngurusi tanggeljawab ingkang samanten kathahipun, nyata Rasul Paulus taksih kagungan kawigatosan ing bab urusan pribadi. Serat Filemon nyariosaken kadospundi Paulus mboten ngremehaken urusan baturipun, inggih punika Onesimus.
Ing wiwitanipun, Onesimus punika baturipun Filemon. Nanging lajeng dados baturipun Rasul Paulus. Kadosipun Onesimus nate nglampahi lepat dhumateng Filemon saderengipun ngabdi dhumateng Rasul. Ing seratipun, Sang Rasul ngersakaken supados Filemon nampi malih Onesimus lan paring pangapura dhateng piyambakipun. Ingkang nengsemaken, Rasul Paulus minangka pemimpin mboten meksa supados Filemon nampi pemanggihipun Rasul (ayat 13, 14). Rasul saestu ngajeni Filemon minangka rencang, lan sekabat ing Gusti Yesus. Mbokmenawi Rasul Paulus anggenipun ngajeni Filemon punika sinau saking Gusti Yesus pribadi ingkang ugi ngajeni tiyang sanes.
Onesimus punika tegesipun “Migunani”. Menawi Onesimus ndamel kalepatan, mesthinipun punika mboten migunani, lan sulaya kaliyan naminipun. Menawi Onesimus mratobat, punika ugi ateges gesangipun migunani malih lan cocok kaliyan naminipun. Rasul Paulus njamin bilih Onesimus sampun mratobat lan pantes nampi pangapura saking Filemon. Tembung “Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku”, nedahkaken bilih Filemon punika tiyang ingkang burus manahipun, lan pancen sekabatipun Rasul ingkang sejati.
Onesimus ingkang nate lepat, samangke katampi malih awit mratobat. Sipat paring pangapura punika kita tampi saking Gusti pribadi. Kita punika tiyang ingkang nggadhahi kathah kalepatan, nanging menawi kita mratobat ateges kita ugi pantes nampi pangapuranipun Gusti. [DLS]
“Gusti paring berkah langkung kathah tinimbang sedaya pandonga kita.”