Lumuh Mratobat

10 November 2017

Waosan : Wahyu 9 : 13 – 21 | Pamuji :  KPK 103 : 1, 2
Nats: “Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane…….” [ayat 20a)]

­­­­­­­­­­­­­­­­­­Nalika kita taksih alit, mesthi nate tumindak lepat, lajeng dipun ukum dening tiyang sepuh. Tiyang sepuh kita dhawuh: “Kapok apa ora? Kapokmu kapan?” Kita biasanipun mangsuli: “kapok bu….kapok pak……aku kapok.” Nanging boten antawis dangu tumindak lepat malih.

Mratobat tegesipun: ngrumaosi, ngakeni lan nilar dosa lan kalepatanipun sarta wangsul lumampah ing margining Allah malih tuwin prajanji boten badhe tumindak dosa malih.

Malaekat sekawan ingkang nindakaken bebendunipun Gusti Allah tumrap tiyang ingkang boten purun mratobat. Kadosdene balatantra ingkang boten dipun sumurupi saking pundi pinangkanipun kangge numpes tiyang Israel ingkang tumindak duraka ing jaman nalika semanten, inggih mekaten badhe dhateng jaman ingkang langkung gegirisi kangge manungsa ing donya menika ingkang boten purun mratobat dhateng Gusti Allah. Boten wonten satunggal kemawon ingkang karancang lan katindakaken dening Gusti Allah ingkang kebetulan. Sedaya sampun karancang ing wekdal tartamtu, dinten tartamtu, wulan tertamtu saha taun tartamtu.

Gusti Allah ndhawahaken wewelak, bebendu dhateng bangsa Israel, sarana mejahi sapratelon saking umat manungsa srana latu, pega (asap ) lan welirang ingkang medal saking camkemipun bala jaranan. Nanging sisanipun para tiyang ingkang kenging wewelak menika sami boten purun mratobat nyingkiri pandameling tanganipun ingkang kebak dosa.

Kanthi cara ingkang mbokmenawi radi benten, saged kemawon Gusti Allah ngengetaken dhateng kita supados sami mratobat. Bokmenawi ugi makaping-kaping Gusti Allah ngengetaken kita, ananging kita boten rumaos kaengetaken. Rumaosipun nggih biasa-biasa kemawon. Saged ugi kita mangkotaken manah kita, kamangka sinten ingkang boten purun mratobat mesthi ketaman bebendunipun Gusti. Pramila mumpung dereng kaineban korining tobat, prayogi kita sami mratobat, lan sampun ngantos mangkotaken manah kita, sampun ngantos kita lumuh mratobat, supados kita kaluwaran saking paukumanipun Gusti Allah. Amin [SS]

“Uwaling dosa lan bebendunipun namung srana mratobat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak