Waosan: Jabur (Mzm) 78: 1-8 | Pamuji: KPK 138: 1,2,3/ KPJ. 198.
Nats: “ …supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepi dhawuh-dhawuhe…” (ayat 7)
Piwulang menika mesthi sae tumraping gesang. Menapa malih piwulang menika isi saking pengalamanipun guru ingkang pancen sampun ngalami ing gesang. Ugi pengalaman bab sejarah tumrab gesanging manungsa, mesthi saestu migunani tumraping gesang.
Waosan kita menika isi piwulang ingkang awujud bebasan, dene bebasan menika sampun nate dipun cariyosken dening para leluhur. Dados menika sampun lumampah dangu, lan dipun lampahi dening para leluhur. Malah kawastanan bilih piwulang menika saestu paring pasinaon, boten namung saking lakon limrah nanging lakon ingkang nggadhahi makna. Semanten ugi wonten cangkriman kanthi tujuan saged ngudhari reribet. Bahan menika turun maturun, temah menika ugi saged dipun lajengaken kangge generasi candhakipun. Gusti Allah ugi ngersakaken bilih pasinaon menika boten namung kangge generasinipun piyambak, awit kanthi purun nyariyosaken lajeng saged dipun lajengakan dhateng generasi salajengipun.
Pitedah saking ayat kita: “kumandela marang Gusti Allah”. Boten wonten kapitadosan ingkang sejati anjawi dhumateng Gusti Allah. “Aja lali marang sakabehing pakaryane”. Sinten ingkang kagungan pakaryan ingkang saestu kalampahan? Namung Gusti Allah. Pramila kita kedah netepi dhawuhipun, awit dhawuhipun mesthi sae tur migunani kangge sadhengah titah.
Kumandel marang Gusti Allah menika pepaken ingkang utami lan kedah dipun lampahi ing sadhengah titah lan kedah kalampahan turun maturun. Awit pepaken menika ngetingalaken bilih titah enget kaliyan ingkang nitahaken. Lan temtunipun boten namung enget, mesthinipun kedah bekti, karana hak gesang menika sanes hakipun titah, nanging kagunganipun ingkang nitahaken. Pakaryanipun Gusti Allah tansaha dipun cariyosaken supados titah sampun ngantos lali bilih Gusti Allah ingkang kagungan pakaryan ingkang turun maturun wiwit titah katitahaken utaminipun kangge manungsa, lan Gusti Allah ingkang nguwaosi wekdal, wiwit wiwitan ngantos langgeng. Temtu kemawon tansah netepi dhawuhipun ingkang kagungan panguwaos ageng. (Bpur)
“Enget dhawuhipun Gusti nyantosakaken kapitadosan.”