Kawicaksanan

10 June 2016

Waosan: 2 Samuel 14 : 12–24  |  Pamuji: KPK 190 : 1, 4
Nats:
“…. kados makaten gusti kawula Sang Prabu, ingkang saged milah-milahaken pundi ingkang sae saha pundi ingkang awon.”  (ay. 17b)

Ing salah setunggaling pasamuwan badhe ngawontenaken Luwar Tanggung (Sidi). Sadereng Sidi, para calon menika nampi kataksasi. Wonten lare 10 ingkang badhe Sidi, nanging ingkang sregep katekisasi namung 5, sanesipun awis-awis tumut kataksasi. Nanging para tiyang sepuhipun lare ingkang boten sregep nyuwun supados anak-anakipun dipun ladosi Sidi, bilih boten dipun ladosi boten purun tindak gereja lan tumut kegiatan greja sanesipun. Bab menika saged kelampahan ing pasamuwan pundia kemawon. Ing ngriku Majelis pasamuwan kedah wicaksana anggenipun ngadhepi perkawis menika.

Prabu Dawud anggenipun mimpin bangsa Israel ugi ngadhepi mawarni-warni perkawis. Salah setunggalipun nggih saking brayatipun piyambak. Dawud rumaos duka dhateng Absalom ingkang mejahi Amon lan mlajeng ing tanah Gesur. Senajan mekaten Dawud rumaos kangen dhateng Absalom. Yoab ingkang mangertos menapa ingkang dipun raosaken Dawud lajeng ngutus tiyang estri Tekoa supados nyariyosaken bab gesangipun dhateng Dawud lan ngengetaken Dawud kedah wicaksana ngadhepi perkawis Absalom menika. Saking menapa ingkang dipun aturaken Yoab lumantar tiyang estri Tekoa menika, Dawud ngersakaken Absalom wangsul malih dhateng Yerusalem nanging boten angsal pepanggihan kaliyan piyambakipun.

Dados pemimpin kedah wicaksana, saged bentenaken pundi ingkang sae lan pundi ingkang boten. Pemimpin kedah nuntun lan dados tuladha ingkang sae ing pangucap, sikap lan tumindakipun. Langkung-langkung bilih kita dipun pitados dados Majelis pasamuwan. Kita kedah saged mantha wekdal kita sacara wicaksana. Ing satengahing brayat kita saged nggulawenthah lan nresnani brayat kita kanthi sae. Ing pendamelan saged makarya kanthi jujur lan tanggel jawab. Ing pasamuwan saged lelados kanthi suka bingah lan tulus. Karana menika kita mbetahaken kawicaksanan saking Gusti piyambak, supados sedaya lampah gesang lan peladosan kita saged dados berkah tumrap sesami. Sedaya perkawis ingkang kedadosan ing tengahing brayat, pendamelan lan pasamuwan kita rampungaken sacara wicaksana. Kita pitados Gusti Yesus tansah nganthi lan mberkahi sedaya lampah kita. (AR)

“Kawicaksanan saking Gusti nuwuhaken katentreman sejati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak