Waosan : Lelakone Para Rasul 6 : 1 – 7 | Pamuji : KPK 312
Nats: “Mulane , para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh lan kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku.” [ayat 3]
Tuwuhipun tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus ndadosaken urusan peladosanipun para Rasul tambah kathah. Sami kaliyan Pasamuwan, menawi tambah ageng tambah ugi urusanipun. Peladosan kangge pasamuwan mboten cekap namung kanthi mangabekti kemawon. Minangka pakempalanipun para tiyang ingkang cacahipun sampun ewon, pasamuwan pimpinanipun para Rasul kedah nggatosaken ugi urusan papan, tedhan lan omben, andum damel, pengobatan –panglipuran, dana, surat-surat lan sanes-sanesipun. Kados ing rembug warga limrahipun, para Rasul ugi nampi pangresulanipun warga. Wonten sawatawis warga ingkang rumaos kalirwakaken dening para Rasul.
Awit saking tambahing cacahipun warga lan tambahing urusan ingkang kedah dipun tangani dening para Rasul, mila lajeng wonten rembagan kados waosan kita dinten punika. Kangge ngladosi sawatawis warga ingkang prelu peladosan mirunggan, para Rasul lajeng dhawuh supados wonten pilihan jurupamulasara (diaken) saking antawisipun para warganing pasamuwan. Jurupamulasara punika penting kangge ngladosi warga ingkang prelu peladosan mirunggan, upaminipun: sakit, sepuh lan sekeng. Pasamuwan ingkang kapasemokaken minangka sariranipun Gusti, perangan satunggal lan satungalipun kedah sami nggatosaken lan sami lados-linadosan. Punika angger-anggering pakempalan. Badan ingkang sehat inggih punika badan ingkang saben peranganipun estu nunggil dados setunggal, saiyek saekakapti. Perangan ingkang sakit, sepuh lan sekeng kedah dipun gatosaken ngantos boten wonten ingkang kecingkrangan.
Ingkang utami kangge peladosan ing greja punika, kabecikan. Pinter, sugih, prigel punika inggih penting, nanging kabecikan langkung utami. Mila ing salebeting pilihan jurupamulasara, para Rasul dhawuh “…padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh lan kawicaksanan…“ (ay. 3). Kanthi dasar kabecikan kalawau para jurupamulasara dipun timbali ndherek ing pakaryanipun Gusti. [DLS]
Kang ringkih den pitulungi; Kang ribed den bela nuli; Silih andum berkah sihing Sang Pamarta; Gesangnya tentrem raharja. (KPK 312:3)