Kamulyan lan Kabungahan

6 November 2017

Waosan : 1 Tesalonika 2 : 13 – 20 | Pamuji : KPK 312 : 1, 4, KPJ 200 : 1, 3
Nats: ”Sanyata kowé iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh!” [ayat 20]

Ndadosaken tiyang ngraosaken bingah menika boten gampil. Awit sok kita kepingin ngremenaken tiyang sanes ananging panampinipun benten, malah ndadosaken serik lan kasisahaning ngasanes. Salah satunggaling dinten kula ngajak guyon mas Waru ingkang pancen taksih mudha tur nggih dereng omah-omah. Piyambakipun lajeng kula godha, kula pasangaken pawestri ingkang ugi dereng pikantuk jodho piyambakipun manis tur ayu, miturut ukuran kula. Ning panampinipun mas Waru benten malah kula dipun enengaken boten dipun sapa aruh. Perkawis menika malah ndadosaken piyambakipun muring.

Paulus rumaos mulya lan bingah karana Pasamuwan ing Tesalonika. Karaosaken bilih pasamuwan menika sampun mimpangaken “kejuaraan”, temah nampeni makutha kejuaraan kangge tiyang ingkang sampun nglampahi gesang ingkang sae. Satunggaling pitungkas kangge tiyang ingkang saestu nglampahi menapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Menika ingkang ndadosaken Paulus ngraosaken bingah lan mulya. Pramila kabingahan menika ngantos dipun serat dening Rasul Paulus supados mongkogipun sampun ngantos namung ing batos, mugia saged gemontang ing pasamuwan Tesalonika ugi kangge pasamuwan sanes.

Menawi para tiyang ingkang mertobat karana pandamelipun Paulus menika dados kebanggaan tumrap Paulus, pramila piyambakipun kanthi bingah ngadhepi peladosan ingkang badhe dipun lampahi benjing rawuhipun Gusti Yesus malih. Awit pancen boten sekedhik pepalang rikala Paulus badhe tindak dhateng Tesalonika. Salah satunggaling pepalang menika si Iblis, satunggaling istilah teknis kangge nggambaraken pepalang ing salah satunggaling margi.

Temtu kita ugi bingah dene, sinaosta wonten pepalang Paulus boten ewah gingsir anggenipun kepingin ngrimati Pasamuwan ing Tesalonika. Kita ugi para pitados kagunganipun Gusti tansaha bingah lan ngraosaken kamulyan, menawi kita nyumerepi warganing pasamuwan ingkang setya tuhu ndherek Gusti. Lan sasaged-saged kita ndherek leladi kados pundi murih sedaya warganing pasamuwan anggenipun ndherek Gusti sansaya manteb, temah dados tiyang Kristen ingkang peng-pengan. [Bpur]

“Taneman ingkang sae panenipun mesthi sae, temah ndadosaken raos mongkog lan bingah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak