Waosan : 1 Korinta 10 : 23 – 11 : 1 | Pamuji : KPK 105
Nats: “…bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.” [ayat 26]
Salah satunggaling wujud kawilujengan peparingipun Gusti Allah kangge manungsa inggih punika kamardikan. Manungsa ingkang dipun kuwasani dening dosa, dipun luwari dening Allah kanthi pakaryanipun Gusti Yesus Kristus. Kamardikan ingkang sejati inggih punika kamardikan saking kuwasaning dosa. Ing gesang padintenan kita, asring pangertosan kamardikan punika dipun pahami kanthi pangertosan ingkang lepat. Rasul Paulus paring contoh “Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakokana kagem kaluhurane Gusti Allah. Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.” (ayat 31, 32)
Kita sadaya –kados pasamuwan ing Korinta– dipun emutaken dening Rasul Paulus supados mboten namung nggatosaken kapreluan kita piyambak, nanging ugi nggatosaken kapreluanipun tiyang sanes. Manungsa punika pancen benten-benten pakulinan, adat, sipat lan kapitadosanipun. Kita gesang sesarengan kaliyan manungsa ingkang macem-macem kalawau. Sadaya manungsa kepingin gesang rahayu, lan Gusti kita ugi ngersakaken sedaya manungsa rahayu. Kanthi kawontenan ingkang makaten lajeng kita mboten saged gesang sasekecanipun piyambak, tanpa nggatosaken kapreluanipun liyan. Tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus dipun anggep dening Rasul Paulus minangka tiyang ingkang dewasa. Tiyang ingkang dewasa prelu nuntun tiyang sanes supados tuwuh dados dewasa. Tiyang dewasa sanes tiyang ingkang namung maelu dhateng kapreluanipun piyambak.
Nggatosaken tiyang sanes, mboten ateges kita mboten mardika utawi punika dados angger-angger ingkang nguwasani kita. Nggatosaken tiyang sanes punika ngetingalaken bilih kita ngurmati kagunganipun Gusti. Katresnan kita dhumateng Allah ketingal saking tumindak kita dhumateng sedaya kagunganipun. Gusti ingkang kagungan kamardikan sejati, mboten nate ngagem kamardikanipun kangge kasangsaranipun manungsa. Kamardikanipun Gusti namung kaagem mujudaken karahayon kita manungsa. [DLS]
“Gusti ngrancang karahayon kita, awit kita sedaya kagunganipun.”