Waosan : Yehezkiel 6 : 1 – 14 | Pamuji : KPK 295 : 4, 5
Nats: “Gunung-gunung kuwi kandhanana supaya padha ngrungokaké pangandikané Pangéran. Padha ngrungokna apa sing Dakngandikakaké. Aku Allah Kang Mahakwasa ngandika marang gunung-gunung, punthuk-punthuk, jurang-jurang lan lembah-lembah. Aku bakal nekakaké pedhang sing ngrusak panggonan-panggonan sing dienggo wong Israèl nyembah brahala.”[ayat 3]
Manungsa menika nggadhahi kabudayan. Tegesipun, manungsa nindakaken utawi ngripta pakaryan/ pandamel utawi pranatan ingkang dipun ugemi lan dipun tindakaken/ ginakaken kanthi ajeg wongsal-wangsul temah dados tradisi, adat utawi pakulinan. Sanadyan ing salebeting kabudayan menika wonten kaendahan lan piwulang sae, nanging ugi wonten kabudayan (pandamel) ingkang boten sae tumrap tiyang utawi golongan sanesipun.
Lah mekaten ugi kabudayan ingkang dipun tindakaken dening bangsa Israel nalika jamanipun Nabi Yehezkiel. Bangsa Israel nindakaken kabudayan ingkang cengkah (lelawanan) kaliyan karsanipun Allah. Bangsa Israel sami nyembah brahala. Tiyang-tiyang Israel ngedegaken mesbeh-mesbeh, nyaosaken sesajen, mesthinipun ugi ngripta beksan (tari-tarian) lan lelagon kagem brahala. Sedaya katindakaken lan kapisungsungaken dhateng para dewa brahala menika. Menika dados kabudayan enggalipun bangsa Israel. Sedaya sami nyingkur Gusti Allah, kamangka inggih Gusti Allah menika ingkang sampun ngluwari lan tansah mitulungi saha mberkahi bangsa Israel. Pratingkah lan kabudayanipun Israel menika ndamel dukanipun Gusti Allah.
Kasebataken bilih Gusti Allah ngandika dhateng “gunung-gunung, punthuk-punthuk, jurang-jurang lan lembah-lembah”. Menika tegesipun Gusti Allah ngandika dhateng sedaya umat bangsa Israel wonten pundia papan dunungipun. Sedaya kapurih sami mirengaken pangandikanipun Gusti Allah. Lumantar Nabi Yehezkiel, Gusti Allah paring dhawuh bilih kabudayanipun bangsa Israel menika risak, bubrah. Kabudayan risak menika badhe ndhatengaken karisakan ageng tumrap sedaya umat bangsa Israel.
Sampun ngantos kita katut dhateng kabudayan ingkang risak ing sakiwa tengen kita. Kabudayan risak kedah kita singkiri. Kita kedah nindakaken/ ngripta kabudayan/ pakulinan ingkang sae selaras kaliyan karsanipun Allah. [st]
“Kabudayan kedah dados sarana tumindaking karsanipun Allah.”