Kabeh Pada Saiyeg

28 May 2017

Waosan : Para Rasul 1 : 12 – 14 | Pamuji : KPK 155
Nats: “Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga…” [ayat 14]

Sedaya perkawis menawi dipun lampahi sesarengan badhe kraos entheng. Ing bab pendamelan upaminipun. Mboten wonten pandamelan ingkang kraos awrat menawi dipun tindakaken sesarengan. Pancen kawratan sanget menawi pandamelan dipun tindakaken piyambakan. Awit momotan dipun sanggi piyambakan lan mboten wonten ingkang mbiyantu. Perkawis ingkang wigatos kangge sedaya ingkang sami nyanggi momotan supados kraos entheng inggih punika greget (semangat) ingkang sami.

Para rasul lan para pendherekipun Gusti sae jaler mekaten ugi estri sami sesarengan nyanggi “momotan”, awit rumaos kecalan Gusti Yesus, ingkang nembe kemawon sumengka dhateng swarga. Secara badan wadhag Gusti Yesus mboten nunggil sesarengan malih kaliyan para rasul lan para pendherekipun. Secara kamanungsan raos kecalan tamtu dipun raosaken. Perkawis ingkang endah ingkang dipun lampahi para rasul lan pendherekipun Gusti inggih punika sami sesarengan, lan ugi sami saiyeg anggenipun mempeng ing pandonga. Mboten namung para rasul ingkang sesarengan lan ndedonga, nanging ugi pendherekipun Gusti Yesus lintunipun. Mboten namung jaler nanging ugi estri. Sedaya sami saiyeg lan sangkul-sinangkul ing bot repot.

Pancen ketingal endah lan kraos entheng, menawi sedaya sami saiyeg lan sangkul-sinangkul ing bot repot. Anggen kita sami gesang manunggil ing pasamuwan ugi kaadhepaken dhateng momotan ingkang kathah lan kraos awrat. Para rasul lan ugi pendherekipun Gusti Yesus, sampun paring patuladhan dhateng kita, kados pundi ngadhepi momotan. Sedaya sami sesarengan, saiyeg anggenipun mempeng ing pandonga. Mila saking punika, babagan ngadhepi lan ngrampungaken sedaya perkawis momotan ing pasamuwan mboten namung tanggel jawabipun Majelis, nanging ugi sedaya warganing pasamuwan, mboten namung tiyang jaler, nanging ugi estri. Sedaya sami saiyeg lan sangkul-sinangkul ing bot repot. Sae punika ing salebeting pandonga lan ugi panyengkuyung dhateng kabetahaning pasamuwan. Mekaten ugi nyengkuyung kabetahaning Majelis Agung lan Daerah.[SWT]

“Sami saiyeg saeka kapti wonten ing Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak