Kabeh Kagungane Yehuwah

22 January 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 24 : 1 – 6 | Pamuji : KPK 89 : 1 – 3
Nats: “Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.” [ayat 1]

Bumi lan jagad raya saisinipun menika katitahaken dening Yehuwah Allah. Anggenipun nitahaken bumi lan jagad raya menika Yehuwah Allah namung piyambakan, boten wonten ingkang ngrencangi. Pramila, bumi lan jagad raya dalah sedaya isinipun menika inggih kagunganipun Yehuwah Allah piyambak. Manungsa -lan sedaya ingkang dipun damel dening manungsa- menika ugi titah kagunganipun Allah. Boten wonten titahipun menika ingkang (nate) dipun pasrahaken dhateng sintena kemawon utawi dhateng manungsa supados dados gadhahanipun. Pancen manungsa dipun pasrahi sedaya titahipun Allah menika. Nanging boten supados dipun dhaku piyambak dening manungsa, namung supados karigenaken, kaolah lan kareksa kanthi sae.

Pramila saking menika, ingkang karenan ing ngarsanipun Allah nggih menika ingkang kasebat “resik tangane”, “suci atine” lan “ora sumpah goroh”. Tegesipun, tiyang ingkang boten nggadhahi raos melik (menghaki) kagunganipun Gusti Allah lan ingkang jujur. Tiyang ingkang awatak mekaten menika boten nggadhahi raos cethil utawi pelit, nanging malah loma (remen weweh) lan kebak raos sokur. Karana, piyambakipun ngrumaosi bilih barang darbekipun menika sanes gadhahanipun piyambak, nanging namung kagunganipun Allah pribadi. Tiyang ingkang awatak mekaten menika ingkang tansah binerkahan dening Allah, nampeni karahayon, saha murugaken karahayoning sedaya titahipun Allah.

Tamtunipun kita sedaya kepengin supados berkah karahayon ingkang sampun kita tampeni saking Gusti menika lestantun ing gesang kita. Tamtunipun kita ugi kepengin saged dados berkah karahayoning sedaya titahipun Allah. Ingkang menika, sumangga kita tansah ngakeni lan ngrumaosi bilih sedaya barang darbe gadhahan kita menika sejatosipun sanes gadhahan kita piyambak, karana sanes kita ingkang nitahaken utawi ngawontenaken, sedaya nggih namung kagunganipun Gusti Allah pribadi, karana namung Allah pribadi ingkang nitahaken utawi ngawontenaken sedayanipun. [st]

“Wong kang ngakoni kabeh kagungane Allah, ora bakal wedi kelangan lan weweh/ kekurban.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak