Gumolonging Ati

26 January 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 15 | Pamuji : KPK 62
Nats: “Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,” [ayat 2]

Gambaran Padalemanipun Gusti Allah punika kados Tenda Padaleman Suci ingkang kawangun dening Sang Prabu Daud, utawi redi Zion ing Israel. Daud nglairaken paseksi bilih tiyang ingkang kepareng sowan ing ngarsanipn Allah inggih namung tiyang ingkang kados kaserat wonten ing ayat 2 ngantos 5 Jabur punika. Padalemanipun Gusti ingkang sejati punika ing Swarga. Tiyang ingkang kepareng gesang ing Swarga ukuranipun inggih sami kaliyan ingkang kaserat ing ayat 2-5. Jabur 15 pancen elok lan nengsemaken. Jabur punika paring gegambaran kados pundi elokipun Swarga, lan kados pundi elokipun para tiyang ingkang manggen ing ngrika. Swarga punika papan ingkang suci lan sampurna, mila pendhudhukipun ugi mesthi suci lan sampurna. Saestu aneh umpami papan ingkang suci lan sampurna kalawau dipun panggeni dening tiyang ingkang dosa lan gesang sembarangan.

Kita punika punapa kalebet tiyang ingkang dipun pikajengaken dening Sang Prabu Daud? Kita punika punapa tiyang ingkang mboten nate mitenah tiyang sanes, mboten nate nindakaken piala lan mboten nate memada/ maido? Kita punika punapa nganggep asor tiyang sanes, nganakaken arta lan nampi besel nglawan tiyang ingkang mboten lepat? Menawi kita punika mboten sampurna, lajeng kados pundi kita badhe ngajeng-ngajeng gesang ing swarga? Sang Prabu Daud sampun mesthekaken bilih namung tiyang sampurna ingkang saged lumebet ing swarga. Sepisan malih, tiyang ingkang mboten sampurna mesthi mboten saged gesang ing swarga.

Kasampurnan punika sanes prekawis ingkang mokal kita gadhahi. Niyat dados tiyang sae ingkang tulus lan dipun wujudaken kanthi gumolonging manah – saestu dipun remeni Allah. Punika paseksinipun Juru Jabur, inggih punika Sang Prabu Daud ing ayat 2. Rawuhipun Sang Kristus Yesus ing alam donya maringaken pangajeng-ajeng enggal kangge para pitados, supados saged dados tiyang sampurna. Kangge cethanipun pawartos rahayu punika, mangga kita maos Yokanan 14:1-6 lan 1 Yokanan 1:9. Kita pribadi pancen mboten sampurna, nanging patunggilan kita kaliyan Gusti Yesus ndadosaken kita sampurna awit berkah pakaryanipun Allah. [DLS]

Gusti Yesus nyampurnakake pambudidayane wong dadi

Renungan Harian

Renungan Harian Anak