Emoh Kapendhem, Siap Buthuken

2 August 2017

Waosan : Markus 4: 30-34   |   Pamuji: KPK 157:1, 2
Nats
: “Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane” (ay.32)

Nate ningali wiji buthuken? Wiji ingkang lami kasimpen sarta dipunpapanaken ing papan ingkang lembab utawi panas, saged buthuken dipun tedha dening renget, dados ajur. Karana namung kasimpen, mila lajeng mboten badhe dados menapa-punapa. Karana risak lajeng mboten saged dipun tanem, mboten dados tetaneman ingkang migunani tumrap gesanging manungsa. Pungkasanipun namung dipun bucal kemawon.

Limrahipun sedaya ingkang sae, sedaya ingkang endah punika ngalami proses ingkang mboten ngremenaken. Punika kasunyatan gesang ingkang dipun alami dening manungsa. Kasaenan punika badhe jumedhul saking perjuangan lan kasangsaran ingkang katempuh. Ananging lampah gesang sangsara punika asring dipun tampik, dipun singkiri dening manungsa. Menawi saged tanpa sangsara lajeng gesang sekeca. Menawi saged tanpa pepalang dalan dados padhang. Menawi saged tanpa perjuangan gesang tansah kacekapan.

Wiji sesawi mboten saged dados sumbering tetedhan tumraping manungsa sarta kewan-kewan menawi mboten katanem kanthi cara kasebar ing siti sarta kapendhem. Wiji sesawi punika mboten badhe thukul, ngrembaka lan dados ageng sarta maedahi tumrap makluk sanes tanpa ngalami proses kasebar lan kapendhem. Menawi namung kasimpen wonten ing bagor, malah kasimpen ing wadhah ingkang aji, tetep wiji punika mboten badhe wonten paedahipun. Wiji tetep badhe wiji, malah dangu-dangu dados buthuken lan muspra.

Kita perlu enget bilih kawilujengan saged dipun tampeni dening manungsa karana Gusti ngalami sangsara lan seda. Gusti kemawon ugi ngalami sangsara, punapa malih kita manungsa ingkang kebak dosa. Mila klentu menawi kita sapunika taksih nggadhahi pemanggih urip penak tanpa berjuang, wiji thukul tanpa kapendhem, akik endah warna-warna tanpa dipun grenda, anak lair tanpa babaran, nedha tanpa makarya. Punika namung wonten ing nagri dongeng. Wonten pundi punika? Wonten ing imajinasi kita, ingkang nyeret kita tebih saking gesang nyata ingkang ndamel kuciwa. [PKS]

“Sing nate sara ngerti endahe suka.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak