Dudu Angger Buku

16 July 2017

Waosan : Yesaya 55: 10-13   |   Pamuji: KPK 195:1, 2
Nats: “Sebab kayadene udan lan salju anggone turun saka ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbayoni bumi, …….” (ay.10)

Punapa panjenengan kagolong kutu buku? Istilah kutu buku punika artosipun buku punapa kemawon telas dipun waos. Tumrap kita ingkang kagolong kutu buku, maos buku punika dados kabetahan, dados pepinginan. Wonten rencang kuliah ingkang kagolong kutu buku. Sedaya pojok kamaripun kebak tumpukan buku. Menawi mboten wonten jam kuliah utawi pas preian, piyambakipun saged sedinten maos buku. Miturut piyambakipun maos buku punika kangge hiburan, nambah wawasan lan ugi ngasah imajinasi.

Lajeng kados pundi kaliyan maos Kitab Suci? Ing Kitab Suci wonten sejarah, wonten dongeng, wonten seratan sastra, ingkang sedaya punika pitedahipun Gusti Allah nuntun umat kekasihipun. Kados dene jawah lan salju, ingkang mboten namung tumetes lan wangsul ing awang-awang, ananging damel suburing siti lan nuwuhaken tetaneman minangka tetedhan. Kados dene seratan ing buku anggitanipun Michael Keene, pranyata Kitab Suci dados tuntunan lampah gesang ingkang ndayani para pandherekipun Gusti. Sastra seni Barat lajeng gumregah ing abad wiwitan karana pengaruh saking Kitab Suci. William Wilberforce kiniyataken dados pemimpin merangi gerakan perbudakan karana kaprihatosan mbelani ingkang papa kados ingkang sinerat ing Kitab Suci. Mekaten ugi kaliyan Marthin Luther tokoh gerakan reformasi gereja, sarta kathah malih pribadi ingkang dados pendobrak perubahan karana panuntuning Gusti Allah lumantar Kitab Suci.

Tamtu gesang kita minangka pandherekipun Gusti mboten uwal saking Kitab Suci. Saben dinten, saben kesempatan makempal, Kitab Suci dados sumbering pirembagan lan panuntun. Ananging punapa Kitab Suci saestu ndadosaken kita pendobrak perubahan? Gerakan William Wilberforce, Marthin Luther minangka dobrakan politis lan iman ingkang nggadhahi pengaruh ageng tumrap donya, tamtu kawiwitan nggigah lan mendobrak dirinipun langkung rumiyin. Sepinten tuntunan Kitab Suci mbikak pamikiran, ngewahi watak lan tumindak  kita? [PKS]

“Kitab Suci kasebat suci karana nuntun gesang mindak utami.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak