Dirèmèhné

12 November 2016

Waosan : Lukas 20 : 1 – 8 | Pamuji : KPK 13 : 2, 4
Nats: “… menggah anggèn Panjenengan nindakaken samukawis sedaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjengengan?” [ayat 2]

Thomas Alva Edision, laré jaler kelairan Milan-Ohio, A.S. taun 1847. Nalika taksih anèm boten pinter, kepara bodho. Malah naté kedah medal saking sekolah awit bijinipun awon lan katilar tebih saking kanca-kancanipun. Boten sekedhik tiyang ingkang ngrèmèhaken piyambakipun, klebet guru-gurunipun rikala semanten. Nanging pungkasanipun tiyang-tiyang ingkang rumiyin ngrèmèhaken piyambakipun kadamel nggumun, awit Thomas saged dados satunggaling ilmuwan kondhang penemu bola lampu.

Punapa ingkang dipun alami Thomas Alva Edison, ugi naté dipun alami dening Gusti Yesus. Waosan kita, mliginipun ayat 2 nedahaken bilih Gusti Yesus saweg dipun rèmèhaken. Para imam, ahli Torèt sarta para pinisepuh sami kirang pitados dhumateng Gusti Yesus. Ketawis saking pitakènan ing ayat 2 punika, bilih tiyang-tiyang kalawau sami meragukan panguwaosipun Gusti Yesus. Senaosa mekaten, senaosa kirang dipun precaya, senaosa diragukan, Gusti Yesus boten gupuh, malah sansaya ampuh anggènipun martosaken pawartos kawilujengan lan karahayon.

Dipun rèmèhaken, tamtu raosipun boten sekéca. “Nglarakné ati”, mekaten mbokbilih tembung ingkang pas kanggé nggambaraken raosipun. Lan raos punika èstunipun limrah, manusiawi sanget. Senaosa mekaten, sampun ngantos lajeng ndadosaken manah kita semplah. Sampun ngantos menawi saweg dipun rèmèhaken lajeng semangat kita nglokro, punapa malih ngamuk! Sampun ngantos ngaten! Gusti Yesus sampun paring tuladha bilih menawi saweg dipun rèmèhaken, boten prelu mundur, anaging malah kedah sansaya bersemangat nedahaken bilih kita saged.

Sumangga sami pitados bilih Gusti karsa mitulungi saben kita ingkang purun ngupadi mujudaken kasaénan ing pigesangan punika, senaosa kathah pepalang: salah satunggalipun dipun rèmèhaken kalawau. Dipun rèmèhaken punika dados ujian kanggé iman kita, puguh punapa rapuh. [wn]

“Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak