Waosan : Jabur (Mazmur) 20 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 124
Nats: “Aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan…..” [ayat 7]
Priagung ingkang dipun tetepaken dados ratu kagungan panguwasa ingkang ageng. Kanthi panguawasanipun, sang ratu saged mujudaken punapa ingkang dados rancanganipun. Lantaran sabdanipun sang ratu saged paring prentah dhateng para abdi lan ugi kawulanipun. Saking panguwasanipun sang ratu, kita mireng unen-unen “Sabda Pandhita Ratu”. Awit panguasanipun ugi, sang ratu kagungan kekiyatan ingkang ageng. Sang ratu saged ngangkat para abdi ingkang kapatah dados prajurit, ingkang kagungan tanggel jawab mujudaken raos aman lan tentreming negari. Mboten namung punika, gesangipun sang ratu ugi kebak ing donya brana, sugih lan mapan ing panggenan ingkang sae, inggih punika kraton.
Kalenggahan dados ratu, pencen ndadosaken tiyang punika unggul ing sedaya perkawis. Nanging kaunggulanipun sang ratu mboten namung dipun temtokaken kaliyan panguwasa lan ugi donya brananipun ingkang kathah. Ratu punika tetep manungsa limrah, titahanipun Gusti Allah. Sang ratu, kekiyatanipun ugi winates. Ing sainggilipun ratu taksih wonten Gusti Allah ingkang kagungan panguwasa ingkang langkung ageng. Kados ingkang dipun alami dening Sang Prabu Dawud.
Senaosa Dawud dados ratu ingkang kagungan panguwasa ageng, nanging kekiyatanipun winates. Sang Prabu Dawud taksih mbetahaken sih pitulunganipun Gusti Allah. Perkawis punika saged kita mangertosi saking pandonga ingkang dipun aturaken para abdi dhumateng Gusti Allah; “Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wegdal karibedan…..” (ayat 2). Lan kalajengaken pengaken bilih ingkang saged paring kaunggulan punika Gusti Allah, Sang Yehuwah (ayat 7).
Kita ingkang samangke nggadhahi kalenggahan ing salah satunggaling organisasi utawi lembaga pemerintah, mangga sinau saking dhawuhipun Gusti ing dinten punika! Sampun ngantos kita rumaos unggul awit saking panguwasa ingkang kaparingaken dhateng kita! Kaunggulan namung wonten ing Gusti Allah. Amin. [SWT]
“Kaunggulan namung wonten ing Gusti”