Dadi Brayat Sing Rukun

18 June 2016

Waosan: 2 Samuel 18 : 28 – 19 : 8   |  Pamuji: KPK 304:1-2
Nats:
“….Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu.” (ayat 33)

“Wis…ora mulih ya ben…Luwih becik kelangan ndog siji. Anak ora kena ditata.” Mekaten ature Pak Thilèk dhateng semahipun, awit piyambakipun saweg duka dhateng Bahar putranipun. Bahar mboten wangsul awit mutung, nyuwun dipun tumbasaken sepedah motor, nanging dereng dipun turuti.

Prabu Dawud kedahipun ugi duka sanget nalika Absalom, yoganipun, mbalela. Absalom sampun kuciwa dhateng Prabu Dawud, ramanipun, awit piyambakipun rumaos mboten dipun gatosaken dening Prabu Dawud (2 Sam 14). Awit saking punika, Absalom mbalela. Absalom badhe ngrebut kalenggahanipun Prabu Dawud minangka Ratu ing Israel. Piyambakipun kepingin nggantosi Prabu Dawud dados Ratu.

Sinaosa Absalom sampun mbalela, nanging nalika Prabu Dawud mireng bilih Absalom seda, Dawud prihatos. Panjenenganipun ketingal getun sanget, malahan ngersakaken nggantosi Absalom seda (ay.33). Minangka tiyang sepuh, ketingalipun Dawud mboten purun kecalan yoganipun, sinaosa yoganipun tumindak awon. Raos kuciwa, duka (marah), tamtu wonten ing manahipun Prabu Dawud, karana tumindakipun Absalom. Nanging, raos kuciwa lan duka punika mboten ngantos medhot sesambetanipun Dawud, minangka rama, kaliyan Absalom minangka putranipun. Ing ngriki nedahaken bilih Dawud punika taksih nresnani Absalom kanthi tulus. Awit katresnan punika, Dawud saged ngapunten kalepatanipun Absalom. Matemah sesambetan antawis Dawud kaliyan Absalom mboten risak

Sesambetan kita ing satengahing gesang bebrayatan tamtu saged ngalami prekawis kados P. Thilèk lan Prabu Dawud ing inggil wau. Saben tiyang tamtu saged nglampahi kalepatan (kalebet minangka tiyang sepuh). Nanging sampun ngantos kita gething dhateng pribadinipun tiyang ingkang nindakaken kalepatan wau, sinaosa kita gething dhateng tumindakipun. Nanging, sumangga kita sami nresnani kanthi eklasing manah, supados kita saged paring pangapunten kados dene Prabu Dawud. Awit, menawi kita purun ngapunten kanthi tulusing manah, tamtu kita saged njagi raket lan rukuning sesambetan ing satengahing brayat kita. “Bapak-ibu-anak, sedaya, ayo padha rukun!” [DC]

“Nyuwun lan paring pangapunten dados wiwitaning karukunan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak