Waosan : Yokanan 16 : 16 – 24 | Pamuji : KPK 172 : 1 – 4
Nats: ”Satemene Aku pitutur marang kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin kabungahan.” [ayat 20]
Lelampahan salin menika lelampahan ingkang mesthi wonten ewah-ewahan, sabotenipun wonten ingkang benten sasampunipun salin. Menapa malih menawi kita saged salin saking kasisahan lajeng badhe ngalami kabingahan, mesthi saged ketingal ewah-ewahanipun saking kawontenan ingkang mbesengut karana sisah lajeng ketingal bingar lan temtu kemawon kanthi tandha-tandha ingkang ngremenaken.
Ewah-eawahan ingkang dipun kersakaken Gusti tumrap para murid inggih menika saking kasisahan dhateng kabingahan. Awit menawi para murid sisah jagad badhe bingah. Pramila para murid badhe ngalih saking kasisahan dhateng kabingahan. Lan kasisahanipun tiyang pitados menika namung dados margi lumebet dhateng kabingahan sejati. Kabingahan menika benten kaliyan kabingahaning jagad, karana kabingahaning jagad namung sauntara kemawon. Kabingah sejati kaasta dening Gusti Yesus ingkang sampun ngurbanaken sarira ing kajeng salib. Kasisahaning jagad ugi namung seauntara lan menika namung dipun lampahi manungsa ing jagad menika. Dene kabingahan ingkang kaasta dening Gusti Yesus nuwuhaken kabingahan ingkang sampurna lan langgeng. Kabingahanipun tiyang ingkang katampi ing ngarsanipun Gusti badhe nglangkungi saking kasisahan ingkang dipun alami ing jagad.
Manungsa kedah salin/ ewah saking kasisahan dhateng kabingahan. Kados dipun gambaraken kasisahanipun tiyang ingkang saweg nglairaken, sinaosa saestu sakit ananging ing wegdal bayi lair bingahipun saestu ageng. Pramila Gusti ngersakaken ewah-ewahanipun manungsa saking kasisaahan dhateng kabingahan. Gusti ngersakaken mekaten supados kita saestu dados rencang damelipun Gusti Allah ingkang dados sumbering kabingahan sejati. Gusti boten ngersakaken manungsa kedlarung-dlarung sisah, pramila Gusti ndhatengaken kabingahan kangge manungsa. Amin. [Bpur]
“Manungsa mesthi ngalami kasusahan ing jagad, awit pituwase dosa iku pati balik sih peparinge Gusti urip langgeng.”