Bakal Ndhisiki Kowe

2 November 2016

Waosan : Mateus 21 : 28 – 32 | Pamuji : KPK 174
Nats: “…para juru-mupu beya lan para tuna susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.” [ayat 31b]

Wonten ing salebeting balapan mesthi ingkang katuju menang. Lah menawi ing salebeting balapan kalawau dipun tilar mengsahipun mesthi kepengin mbalap ingkang nilar kalawau. Lan menika lumampah ngantos lampahing balapan kalawau rampung. Rampungipun balapan saged ugi saking wegdal, ugi saged wontenipun finish. Mesthinipun ing lampah balapan menika wonten tatanan ingkang kedah dipun ugemi lan lampahi.

Para pimpinan Yahudi ing wawasan saha wicantenan ketingalipun sampun miturut ing karsanipun Gusti Allah, ananging nyatanipun boten mekaten ing lampahipun. Para juru-mupu beya lan para tuna susila piyambakipun sampun milih marginipun piyambak, ananging sami nggetuni lan salajengipun miturut ing karsanipun Gusti saha pitados. Ing cariyos menika boten nyariyosaken sinten ingkang sae. Ing cariyos menika ugi nggambaraken kalih kelompok manungsa ingkang boten sampurna; ing sasisih pantha ingkang setunggal boten wonten ingkang langkung sae lan awon katimbang ingkang sanes. Kekalihipun boten wonten ingkang dados renaning penggalih, ananging karana ingkang setunggal langkung manut katimbang ingkang sanes, menika ingkang sae. Nanging ing pasemon menika wonten kayekten ingkang langkung penting katimbang ingkang sampun kacariyosaken.

Kedadosan menika nyariyosaken kalih pantha manungsa ingkang sampun jamak ing jagad. Kapisan, wonten tiyang ingkang wicantenanipun langkung sae katimbang menapa ingkang dipun lampahi. Piyambakipun ngumbar janji menapa kemawon, pamer kesalehan lan kasetyan, nanging boten dipun lampahi. Kaping kalih, manungsa ingkang pandamelipun lagkung sae katimbang wicantenipun. Pyambakipun ngakeni dados tiyang kasar, wangkot, materialistis, ananging kanthi cetha nglampahi kasaenan saha loma ing bab seneng peparing, malah saged ugi kados boten dipun mangertosi liyan, kados-kados piyambakipun ngrumaosi isin nglampahi menika. Temtunipun upami balapan mekaten ingkang menang ingkang kaping kalih. [Bpur]

“Gusti Allah ngersakaken lampah, sanes kojah tanpa lampah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak