Waosan: Rum 8: 26-39 | Pamuji: KPK 116
Nats: “Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong sing padha tresna marang Panjenengané.” (ayat 28)
Dhateng tiyang ingkang saweg katempuh pakewet (masalah), tiyang Inggris badhe nglipur srana ngucap “everything will be aright” (kabeh bakal dadi becik). Mekaten ugi dhateng tiyang ingkang saweg nandhang sakit, badhe kaucapaken “you will be aright” (kowe bakal dadi becik), boten “you will be healed/ recovered” (kowe bakal waras). Menika nedahaken bilih kawontenan becik menika langkung wigatos (penting) tinimbang sirna utawi saras. Sirnaning pakewet dereng tamtu njalari tiyang dados sae. Kasarasan saking pisakit dereng tamtu njalari tiyang dados sae. Langkung prayogi pakewet menika njalari tiyang dados sae lan saged mrantasi pakewetipun. Langkung prayogi tiyang dados sae temah saged sagah nyanggi panandhang/ sakit kanthi ayeming manah, tinimbang saras nanging boten ayem manahipun. Ayem utawi saening manah badhe njalari kasarasan.
Tujuanipun Gusti Allah makarya ing sadhengah prekawis nggih menika ndhatengaken kasaenan tumrap umatipun. Gusti Allah arsa nyantosakaken manahipun umat kagunganipun ingkang nyanggi panandhang (masalah, pisakit, lsp), supados saged kiyat nyanggi panandhangipun. Srana kiyat nyanggi panandhang, umatipun dados saya wicaksana lan waspada, saha ngendelaken Gusti Allah pribadi. Tiyang ingkang nggadhahi manah sae boten badhe gampil ngresula menawi saweg katempuh lan nyanggi panandhang. Tiyang ingkang nggadhahi manah santosa lan sae boten badhe semplah (putus asa dan susah sekali) menawi nyanggi pakewet utawi nandhang sakit. Srana pakaryanipun, Gusti Allah ngersakaken umatipun saya mantep lan kukuh iman kapitadosanipun nadyan nyanggi pakewet lan panandhang ingkang awrat.
Pramila saking menika, menawi kita saweg nyanggi momotaning gesang, katempuh ing pakewet utawi nandhang sakit, sumangga namung nyuwun supados Gusti Allah nindakaken pakaryanipun murih kasaenan kita, sanes sirnaning momotan, pakewet utawi pisakit kita. Kita pasrah kemawon dhateng kawicaksanan lan kamirahanipun Gusti Allah Rama kita ingkang maha asih. [st]
“Dhuh Gusti, mugi Paduka nyantosakaken manah kawula dados sae!”