Waosan : 2 Tesalonika 1 : 3 – 12 | Pamuji : KPK 19
Nats: ”temah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenenane, miturut sih-rahmating Allah kita…” [ayat 12]
Ngluhuraken asmanipun Gusti menika sampun dados lampah gesanging manungsa ingkang ngraosaken menawi katitahaken saha karimat gesangipun dening Gusti. Pancen sampun samesthinipun manungsa ngluhuraken asmanipun Gusti awit ing sakawit gesangipun inggih krana tinitah dening Allah.
Ing waosan menika wonten kawicaksananipun salah setunggaling pimpinan ingkang pengpengan. Wonten tigang perkawis ingkang dipun andharaken Rasul Paulus. Sepisan, kekiyatan pitados. Menika titikanipun tiyang kristen ingkang saben dinten terus tambah lumampah ing gesang padintenan. Kaping kalih, katresnan ingkang terus sumrambah. Tetiyang ingkang miwiti peladosanipun kangge sesami ingkang kedah dipun lampahi kangge bukti imanipun. Kanthi nglampahi menika piyambakipun manggihaken kabingahan ageng, temah pangurbanan saha kabingahan lumampah sareng-sareng. Kaping tiga, kekiyatan nanggel sedaya ingkang lumampah. Piyambakipun kiyat nampeni pacobening gesang, malah pacoben menika dados batu loncatan tumuju kasiling lampah salajengipun.
Paulus mungkasi dhawuhipun kanthi wisik ingkang ngiyataken manah. Perangan menika saged kasebat kaluhuran ingkang timbal balik. “Temah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenenane, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yesus Kristus.” Ing ngriki kita nampeni kayekten ingkang saestu, bilih kamulyan kita menika Gusti Yesus lan kamulyanipun Gusti Yesus menika kita. Kamulyanipun Gusti Yesus mapan ing gesangipun para pitados ingkang sumunar kados uruping lampu ing pepeteng. Ngluhuraken asmanipun Gusti lan pikantuk kaluhuran saking Gusti menika kawontenan ingkang elok sanget kanggenipun manungsa. Awit manungsa menika sampun dhawah ing dosa, lajeng nampi kaluhuran saking Gusti. Menika kawontenan ingkang luhur lan aji sanget tumraping manungsa. Pramila kita kedah mulyakaken lan nguluhuraken Gusti ingkang kagungan panguwasa ngedab-edabi. [Bpur]
“Sinten ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi tulusing manah, badhe pikantuk kaluhuran.”