Waosan : Yakobus 4 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 62
Nats: “Mulané padha wedi-asiha karo Gusti Allah; Iblis lawanen, karebèn padha mlayu ninggal kowé.” [ayat 7]
Kathah tiyang ingkang ngagem helm menawi saweg nitih sepeda motor. Nanging boten sekedhik ugi ingkang boten ngagem helm. Tiyang sami ngagem helm menawi kinten-kinten ing margi saged kepanggih polisi. Menawi yakin boten badhe kepanggih polisi, nggih boten ngagem helm. Dados, anggenipun ngagem helm menika karana ajrih dhateng pidananipun polisi, sanes murih kawilujenganing dhiri, sanes margi tresna lan ngeman dhateng gesangipun.
Kita kadhawuhan kinen ajrih-asih dhateng Gusti Allah. Anggen kita ajrih dhateng Gusti Allah menika sanes karana ajrih kapidana, nanging karana kita tresna dhateng Panjenenganipun. Menawi dhasaripun namung ajrih kapidana, menika ateges namung ngupadi karemenanipun pribadi. Nanging menawi dhasaripun katresnan, ingkang katuju inggih ngupadi renaning penggalihipun Gusti Allah.
Tiyang ingkang ajrih-asih dhateng Gusti boten badhe remen cecongkrahan kaliyan tiyang sanes, menapa malih kaliyan sedherek, kaliyan semah, kaliyan tiyang sepuh. Ingkang dipun udi nggih menika kabingahanipun tiyang sanes. Tiyang ingkang ajrih-asih dhateng Gusti boten nengenaken pepenginanipun pribadi, boten nguja kasenenganipun utawi hawa nepsunipun.
Tetela bilih mujudaken kanthi nyata gesang ingkang ajrih-asih dhateng Gusti menika boten gampil. Menika mbetahaken pambudidaya, perjuangan, nggih menika srana mekak hawa nepsuning manah. Gesang ajrih-asih dhateng Gusti kedah kawiwitan saking lebeting manah, kalairaken ing polatan, pitembungan lan tumindak utami dhateng sedaya tiyang.
Kados pundi wujuding ajrih-asih dhateng Gusti ing lampahing gesang ingkang sampun kita alami? Sampun yektos? Sumangga mbudidaya mujudaken kanthi sayektos sangsaya nyata ing manah, polatan, pitembungan lan tumindak! Mugi Gusti mitulungi mujudaken tekat kita menika. [st]
“Kabingahaning tiyang ajrih-asih dhateng Gusti menika mapan ing kabingahanipun tiyang sanes.”