Aja Nglalèkake Gusti Allah

23 June 2016

Waosan: Yesaya 57 : 1 – 13   |    Pamuji: KPK 47:1-2
Nats:
“….dene sira nganti cidra lan ora eling marang Ingsun utawa banjur ora mreduli marang Ingsun?” (ayat 11)

Kados pundi raosing manah kita nalika tiyang ingkang celak kaliyan kita kesupen lan nilar kita? Mbokmenawi kita kuciwa, nepsu, sakit hati. Gusti ugi mboten ngersakaken kita kesupen kaliyan Panjenenganipun. Punapa malih, bilih umatipun punika kesupen dhateng Gusti lajeng sujud ngabekti dhateng allah sanes. Punika sami kaliyan umat wau sampun nilar Gusti.

Para pimpinaning Bangsa Israel sampun kesupen dhateng Gusti Allah lan nilar Panjenenganipun, kanthi sujud ngabekti dhateng dewa-dewa, salah setunggalipun Dewa Molokh (ay. 9). Boten namung nyembah dewa, nanging tumindakipun para pemimpin Israel wau ugi awon ing ngarsanipun Gusti, awit sampun ngumbar nepsunipun. Kamangka Gusti sampun dhawuh dhateng bangsa Israel, supados mboten nggadhahi allah sanes (Pangentasan 20: 3-5). Pramila, Gusti ngèngetaken supados para pemimpin ingkang sampun mblasar wau sami wangsul dhateng marginipun Gusti. Awit para dewa ingkang dipun puja wau mboten saged paring pitulungan ing gesangipun. Para pemimpining umat wau kedah ngayom dhateng Gusti Allah kemawon. Awit namung Gusti Allah ingkang saged paring pitulungan, pangayoman sarta kawilujengan.

Kesupen dhateng Gusti mboten namung nalika kita muja patung lan dewa kados pemimpining Israel wau. Nalika kita nate janji ing ngarsane Gusti wekdal daup suci, purun nresnani semah kita, nanging nyatanipun kita selingkuh. Minangka tiyang sepuh kita nate janji nggulawenthah anak kita nalika Baptisan, nanging nyatanipun kita mboten purun ngengetaken anak kita nalika wekdalipun ngabekti ing dinten Minggu, utawi wekdalipun kataksasi. Nalika kita sampun mblenjani janji ingkang sampun kita ucapaken kados mekaten wau, punika napa mboten kasebat sampun kesupen dhateng Gusti?

Menawi kita estu pitados dhateng Gusti Allah, lan Panjenenganipun punika kita bektèni minangka tuking pitulungan lan sumbering berkah tumrap gesang kita, mangga kita sami nyelak lan ngayom dhateng Panjenenganipun kemawon! Sampun ngantos kita purun berkahipun, nanging kesupen dhateng Gusti minangka sumbering berkah. Amin. [dc]

“Sampun mblenjani janji-janji kita dhumateng Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak