Aja Munafik!

Waosan : Matius 15 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 72 : 1, 2
Nats: “Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun. Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun, dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.” [ayat 8, 9]

Ingkang dipun wastani munafik menika pangucap lan tumindakipun benten. Contonipun tiyang ingkang rumaos sregep ngabekti dhateng Gusti, sregep ndedonga, sregep maos kitab suci, nanging asring padu kaliyan semahipun, boten akur kaliyan putranipun, asring crah kaliyan sedherekipun. Menapa ingkang dipun tindakaken ing bab-bab karohanen, boten mawujud ing tumindak. Tamtu kemawon bab menika dados pratandha bilih pangabekti lan karohanen namung winates ing lair kemawon dereng ngantos batosipun.

Gusti Yesus ngendika dhateng tiyang Farisi lan ahli Toret ingkang langkung ngugemi tradisi tinimbang pangandikanipun Gusti Allah. Gusti Yesus ngengetaken tiyang-tiyang menika bilih tiyang Farisi lan ahli Toret nindakaken adat miturut pranatanipun piyambak, nanging nerak angger-anggeripun Gusti. Tiyang menika ngluhuraken sarta memuji Asmanipun Gusti sarana tutukipun, nanging manahipun tebih saking Gusti. Ing gesang sadinten-dinten tiyang-tiyang menika langkung nindakaken ingkang katingal sacara lair tinimbang ingkang batiniah. Kagem Gusti Yesus, para sakabat ingkang boten wisuh asta, boten nerak Toret. Ingkang prayogi menika manah ingkang suci, saking manah ingkang suci, tuwuh pemanggih, pangucap lan tumindak ingkang sae.

Kados pundi kita, supados kita boten dados tiyang ingkang munafik?

  1. Nindakaken kaleresan, tegesipun menapa ingkang dados pangucap lan tumindak kita sami. Kita saged dipun pitados tiyang sanes. Menapa ingkang kita tindakaken namung kangge wujudaken tumindak ingkang leres.
  2. Manah ingkang suci, tegesipun manah kita kalandhesan katresnan lan katulusan nindakaken kasaenan. Kados pangandikanipun Gusti Yesus, srana manah ingkang suci, niyat, pemanggih, pangucap lan tumindak kita badhe nuwuhaken berkah kangge sesami.
  3. Tresna dhumateng Gusti, tegesipun kita setya tuhu, gesang manut karsanipun Gusti. Menapa ingkang dados pangandikanipun Gusti kita estokaken lan kita tindakaken kanthi sukabingah. [AR]

“Manah ingkang suci tansah nuwuhaken pangucap lan tumindak leres.”

 

Bagikan Entri Ini: