Aja Mangro Mundhak Kendho

10 October 2016

Waosan : Yakobus 1 : 2 – 11 | Pamuji : KPK 191
Nats: “Jalaran wong kang atine mangro, ora bakal tentrem uripe.”[ayat 8]

Pak Jabrik kasebat tiyang ingkang sibuk, kathah sanget kegiatanipun, klebet ing lingkungan, ugi ing pasamuwan, dereng malih pedamelanipun saben dinten minangka guru. Saben dinten ngurusi pedamelan, dados pinituwa pasamuwan, dados ketua RW ing lingkungan, panitia pembangunan greja, panitia Agustusan, ngantos-ngantos telas wegdalipun kangge ngurusi sedayanipun. Pak Jabrik kagungan putri ingkang badhe rabi, calon semahan tiyang sugih, inggil pangkat lan drajatipun, nanging sanes tiyang Kristen. Emanipun, Pak Jabrik nyarujuki putrinipun medal kapitadosanipun, karana menggalih calon besanipun punika tiyang ingkang langkung aji ing paningalipun. Pak Jabrik seken ing salebeting peladosan, nanging piyambakipun mangro.

Ing salebeting pacoben, umat Kristen kedah nyadhari kasunyataning gesang, supados boten kenyut lan kawon dhateng pacoben. Awit kita pitados bilih pacoben ingkang kita raosaken malah sangsaya nuwuhaken kadiwasaning iman kita dhumateng Gusti (Yak. 1:3-4). Kekristenan mrangguli prekawising gesang boten karana gumantung saking swasana ingkang nyekecakaken. Ananging sedaya kalawau gumantung saking pitepangan kita dhumateng Gusti Allah ingkang kagungan tujuan ingkang mulya tumrap manungsa ugi ingkang maringaken kakiyatan kangge ngadhepi pacoben.

Tembung “kamulyan” utawi kebahagiaan (ayat 2) ingkang kaagem dening Yakobus sanes adhedhasar lan gumantung saking barang darbe, ananging saking sugihing karohanen lan olah kawicaksanan. Manungsa ingkang mekaten saged mapanaken bilih pacoben punika minangka wujuding ujian iman. Pitepanganipun kaliyan Gusti badhe mitulungi anggenipun mrangguli pacoben sarana kawicaksanan. Yakobus ugi ngrembag bab tiyang ingkang boten nggadhahi kawicaksanan ing ayat 5-8. Tiyang ingkang kekirangan kawicaksanan saged dhateng sumberipun, Gusti Allah piyambak, ingkang boten nate “krisis kawicaksanan”.

Pacoben punika boten mawang tiyang, sedaya tiyang saged nampi pacoben. Mangga olah kawicaksanan supados ukuraning ‘kamulyan’ punika boten adhedhasar lair, nanging karohanen, nyatunggil ing Sang Kristus. [pong]

“Aja mangro mundhak kendho. Olah kawicaksanan nuwuhake kadiwasan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak