Aja Lamis!

4 November 2017

Waosan : Mateus 23 : 13 – 28 | Pamuji : KPJ 135 / 203
Nats: “Bilai kowé, héh para ahli Torèt lan wong Farisi, héh, kowé wong-wong lamis, sabab kowé iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabané pancèn katon resik, nanging ing jeroné kebak isi balung jrangkong lan rereget warna-warna.”[ayat 27]

“Aja sok gampang janji wong manis, yèn ta amung lamis.
Becik aluwung prasaja nimas, ora agawé cuwa…..” lsp.

Punika sapérangan cakepan (syair) langgam “Aja Lamis” ingkang dipun ripta déning Ki Nartosabdo. Lumantar langgam punika Ki Nartosabda ngèngetaken sintena kémawon ingkang mirengaken dalasan ingkang ngidungaken, supados boten tumindak lamis. Contonipun (kados ing langgam) remen ngobral janji nanging boten dipun tetepi, pungkasanipun ndadosaken tiyang sanès kuciwa. Tamtunipun tumindak lamis ngaten punika saged ngrisak éndahing gesang sesarengan wonten ing gesang sesrawungan kaliyan sesami.

Langkung malih Gusti Yesus ugi paring pepènget ingkang lebet sesambetan kaliyan tumindak lamis. Tumindak lamis kaèmperaken kaliyan tumindakipun para ahli Torèt lan tiyang Farisi. Ahli Torèt lan tiyang Farisi asring namung kados “gajah dibalngkoni”, asring namung saged kojah (ngomong) nanging boten saged utawi boten purun nglampahi. Asring namung golèk sakepénaké dhéwé, sarta remen adamel sangsaraning liyan kanggé keuntungan dhiri. Tumindak lamis ing mriki ugi ateges tumindak ingkang ketawisipun saé nanging èstunipun awon lan sengit ing manah. Gusti Yesus paring pepènget supados kita boten nglampahi tumindak lamis. Awit tumindak lamis punika ndadosaken gesang kita pungkasanipun nampi bilai sarta bebenduning naraka.

Lumantar sarana punapa kémawon, klebet lelagon lan sanès-sanèsipun kita saged mujudaken paseksi ingkang saé. Ngajak sok sintena kémawon lan ugi dhiri kita piyambak ngudi gesang ingkang prasaja condhong kaliyan karsanipun Gusti. Mliginipun, nebihi tumindak lamis ing gesang punika. Amin [wn]

Akèh tuladha, kang dhemen cidra uripé rekasa.
Milih sawiji endi kang suci, tanggung bisa mukti.
(Ki Nartosabdo)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak