Waosan : Yesaya 54 : 1 – 13 | Pamuji : KPK 124
Nats: “Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira.” [ayat 10a]
Wonten satunggaling lagu ing Kidung Ria 68 ingkang remen dipunkidungaken kaliyan para lare, ing pundi lagu punika ginubah saking Yesaya 54 : 10.
Biarpun gunung-gunung beranjak dan bukit-bukitpun bergoyang
Tapi kasih setiaMu tak akan beranjak dariku
Tak akan beranjak, tak akan bergoyang
Tak akan beranjak, tak akan bergoyang
Demikianlah Firman Tuhan yang mengasihiku
Biasanipun lare-lare ngidungaken kaliyan sawatawis gerakan. Wonten ingkang ngegolaken bokongipun, sajakipun badhe nggambaraken tembung “bukit bergoyang”. Wonten ugi ingkang pencolat-pencolot, ngiwa nengen, sajakipun badhe nggambaraken tembung “gunung beranjak”. Redi lan tengger saged gonjing lan ewah, ananging sih susteyanipun Allah boten badhe ewah saking manungsa (ay. 10). Waosan kita nggambaraken sih susetyanipun Allah ingkang langgeng ing kahanan ingkang ekstrim. Saged dipun bayangaken, menawi redi-redi lan tengger-tengger ing donya punika gonjing lajeng ngalih, tamtu donya boten tata malih wujudipun. Sih susetyanipun Allah boten kados mekaten. Kahanan kados punapa kemawon, Gusti Allah boten badhe nyelaki prasetyanipun. Penulis Kitab Yesaya njlentrehaken bab punika ing ayat 9, ing pundi Gusti Allah sampun aprajanji boten badhe wonten malih banjir ageng (cariyos Nuh) lan boten badhe duka malih. Kahanan ingkang kados punapa kemawon boten badhe ngewahi sih susetyanipun Allah tumrap manungsa, mliginipun tumrap tiyang-tiyang ingkang asor.
Ing kasunyataning gesang, kita asring manggihi sawatawis tiyang ingkang boten netepi punapa ingkang dados janjinipun.
Sumangga sami netepi janji, sampun dipun blenjani! Ing salebeting janji, wonten pengajeng-ajeng ingkang kedah maujud nyata. Gusti Allah sampun paring tuladha supados manungsa boten mblenjani janji ing sadhengah kahanan. “Aja cidra!”[dix]
“Janji iku utang kang kudu disaur.”