Tatag Lan Tanggon Pancaran Air Hidup 13 Oktober 2026

13 October 2026

Waosan: Filipi 3 : 13 – 4 : 1  |  Pamuji: KPJ. 209
Nats: “Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, …” (Fil. 4:1)

Taun 2009, Majelis Umum PBB netepaken tanggal 13 Oktober minangka Hari Pengurangan Bencana Alam Internasional. Dinten pengetan punika ngajak sadaya umat manungsa, sae rakyat biasa ugi pamrentahan sami nyengkuyung pambangunaning komunitas masyarakat ingkang sumadya lan tatag ngadepi bencana. Pengetan punika sejatosipun sampun kalampahan wiwit tahun 1990, kanthi semangat ingkang sami, inggih punika semangat kangge nyuda bab-bab ingkang ndadosaken bencana lan nyengkuyung proses mitigasi bencana ing tingkat global. Sadaya sami kaajak nyuda dampak negatif lan cecawis ngadepi bencana kanthi tatag lan tanggon.

Rasul Paulus pitutur dhateng pasamuwan Filipi supados mlampah majeng ing kapitadosan kanthi tatag lan tanggon, nilar mangsa kapengker, lan tumuju ing kaswargan (Ay. 13-14). Rasul Paulus ngajak pasamuwan Filipi sami nulad gesangipun lan nebihi tiyang ingkang cengkah kaliyan salibing Sang Kristus (Ay. 17-19). Rasul Paulus ngengetaken bilih kawontenanipun tiyang pitados mangke badhe wonten ing swarga lan sadaya sami ngrantos Sang Kristus ingkang ngewahi badan jasmani dados kebak kamulyan (Ay. 20-21). Sadaya sami kaajak gesang kanthi sregep lan kebak pangajeng-ajeng. Gesang ing pitados ateges tansah majeng, mboten angen-angen mangsa ingkang sampun kelampahan, lan nganti-anti janji prasetyaning Gusti Allah kanthi setya tuhu. Pramila para pitados kedhah ngadheg jejeg ing Gusti (4:1). Krana punika, Rasul Paulus ngengetaken supados para tiyang pitados sami tatag lan tanggon ngadhepi gesang ndherek timbalan kaswargan.

Tatag ateges kendel ngadhepi sadhengah kahanan tanpa raos was sumelang. Tanggon ateges ‘tangguh’, mboten keguh ing pangangen-angen. Kita minangka pandherekipun Gusti Yesus kedhah nggadhahi prinsip tatag lan tanggon. Sinaosa mekaten, punika sanes karana kita pancen gadhah kekendelan utawi kesagedan, nanging awit timbalan kaswargan saking Gusti Allah. Mila ing gesang padintenan kita ing satengahing masyarakat, raos tatag lan tanggon saged ta kita gayuh ing satengahing gesang sesararengan, miturut karsanipun Gusti. Amin. [jarwi].

“Tatag lan tanggon awit Gusti kepareng ngreksa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak