Waosan: Mateus 22 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 357
Nats: “Mulane padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang ing pahargyan manton iki.” (Ayat 9)
Ing wulan ekumene punika, kita dipun engetaken bilih greja punika Sariranipun Sang Kristus, dene Gusti Yesus piyambak ingkang dados Sesirahing Greja. GKJW kaliyan greja-greja sanes ing Indonesia sami nyatunggil ing Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI). Satunggaling wujud patunggilan punika, PGI ngedalaken Piagam Saling Mengakui dan Menerima. Maneka warni denominasi greja mboten perlu dipun banding-bandingaken. Kawontenan greja-greja ingkang maneka warni punika kedah dipun tingali minangka kaunikan saking greja ingkang esa. Srana Piagam Saling Mengakui dan Menerima punika, greja setunggal sami ngajeni lan ngurmati greja sanesipun, sami ngakeni lan nampi bab paladosan sabda lan sakramen.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken pasemonipun Gusti Yesus bab pahargyan manton ing kraton. Wonten ratu ingkang badhe mahargya pikrama kang Putra. Lajeng ngutus para abdinipun kangge nimbali para tiyang ndherek pahargyan punika, nanging para tiyang punika mboten purun rawuh, malah nganiaya para abdi punika. Lajeng ratu punika ngundang dhateng sok sintena kemawon tiyang ingkang wonten margi, tiyang awon lan becik ngantos ngebaki papan pahargyan manton punika. Ing ngriku wonten tamu ingkang mboten damel sandhangan pesta, lajeng piyambakipun dipun usir lan mboten angsal ndherek pahargyan punika. Pasemon punika nggadhahi teges: Gusti Allah sampun nimbali bangsa Israel mlebet pambujanan, nampi kawilujengan lumantar Gusti Yesus, nanging dipun tolak. Mila kawilujengan saking Gusti Yesus punika dipun paringaken dhateng para tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun. Syaratipun, tiyang punika kedah ngagem sandhangan pesta ingkang pantes, inggih punika gesang ingkang mbangun turut Gusti Yesus sarta netepi karsan-Ipun Gusti.
Kados para tiyang ingkang nunggil ing panghargyan manton punika, kita dipun undang Gusti Yesus lumebet ing pahargyan manton punika. Mekaten ugi greja saking maneka warna denominasi katunggilaken ing kratoning Allah. Karana punika, kita kedah ngagem sandhangan ingkang pantes. Tegesipun gesang kita kedah nuwuhaken katresnan lan kasaenan dhateng sesami, sarta ngluhuraken asman-Ipun Gusti. Mangga sinarengan greja-greja sanesipun, kita nyawiji ing Gusti Yesus, nunggil ing kasetyan lan katresnan dhumateng Panjenenganipun. Amin. [AR].
“Payo padha nyatunggil ing Gusti Yesus, nuwuhaken wohing gesang sejati!”