Waosan: Mateus 21 : 23 – 32 | Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke.” (Ayat 32a)
Wonten kemawon sawetawis tiyang ingkang nganggep dhirinipun paling bener. Tiyang ingkang kados makaten biasanipun mboten saged nampi pemanggih lan pamawas saking tiyang sanes. Piyambakipun namung gugu kabeneran miturut pamanggihipun piyambak. Tiyang ingkang kados mekaten punika saged dipun wastani tiyang ingkang wangkot.
Waosan kita nyariosaken wangkoting manah para imam lan pinituwaning bangsa Yahudi ingkang pirembagan kaliyan Gusti Yesus bab panguwaosing Gusti Allah lumantar Yokanan Pambaptis. Para tiyang punika mboten purun ngakeni bilih baptisanipun nabi Yokanan punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Tumindakipun para imam lan pinituwaning bangsa Yahudi punika namung adhedhasar pangrancang supados para umat mboten pitados bilih rawuhipun nabi Yokanan lan Gusti Yesus punika rancangan-Ipun Gusti Allah piyambak. Supados para umat mboten kabikak manah lan pikiranipun bab kayektening swarga. Lan supados namung nggantungaken kapitadosanipun dhateng para imam lan pinituwa punika. Pramila Gusti Yesus paring pasemon bab anak kalih. Pasemon punika negesaken bilih para umat ingkang purun nampi baptisanipun nabi Yokanan sarta mratobat, piyambakipun badhe kadunungan kaswargan. Kosokwangsulipun, para imam lan pinituwa ingkang nolak baptisanipun nabi Yokanan, mboten kadunungan kaswargan. Pasemon punika nedahaken bilih para imam lan pinituwa mboten namung wangkot ananging ugi nggadhah niat jahat, ndadosaken dhirinipun minangka brahala kasucen tumrap para umat.
Sumangga kita sami gegilut. Wangkoting manah lan pamawas, sanyata awon lan ala, awit ndadosaken kita lepat anggen kita mrangguli kasunyatan lan kayekten. Langkung awon malih bilih kita meksa tiyang sanes supados manut lan sarujuk kaliyan kabeneran miturut pamanggih kita pribadi. Mirunggan sanget kita lumampah ing wulan Kitab Suci. Kita pitados bilih Kitab Suci punika sumbering kayekten kangge gesang kita. Sumangga kita tansah maos lan nggegilut Kitab Suci kalawan manah lan pikiran ingkang tinarbuka, temah kita saged nampi kayekten lan karahayon saking Gusti lumantar pamaosing Kitab Suci. Amin. [aan].
“Wangkoting Manah Nutupi Karahayonipun Allah.”