Pedagogi Pancaran Air Hidup 19 September 2026

19 September 2026

Waosan: Jabur 145 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 436
Nats: ‘’Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan, sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.’’ (Ayat 8)

Para guru tamtu wanuh kaliyan ukara “pedagogi” ingkang tegesipun satunggal ilmu kangge nggulawentah lare kanthi mawerni-werni cara supados ing tembe para siswa punika saged diwasa lan mandiri. Ukara “pedagogi” punika saking basa Yunani ”paedos” ingkang tegesipun lare lan “agogos” ingkang tegesipun nuntun. Wonten sesambetan antawisipun guru lan siswa, guru minangka pihak ingkang mangertos bab-bab ingkang badhe kawulangaken dhateng para siswa. Dene siswa minangka pihak ingkang nampi kawruh lan mawerni-werni panggulawentah. Sesambetan punika mbetahaken syarat, inggih punika: sabar lan katresnan saking guru, manut lan asung urmat saking siswa. Tanpa syarat-syarat punika mokal panggulawentah ingkang sae saged kalaksanan.

Mbok bilih makaten ingkang karaosaken dening Juru Mazmur nalika nganggit Jabur 145 punika. Piyambakipun rumaos alit, ringkih, lan kebak dosa, dene Gusti Allah punika ageng sanget panguwaos-Ipun. Ing salebeting panguwaos ageng punika, mawujud ing katresnan-Ipun Gusti dhateng umat-Ipun. Punika kados lampahipun guru ingkang mucal dhateng para siswanipun, ingkang kirang dipun jangkepi, ingkang lepat dipun engetaken, lan ingkang leres pikantuk pangalembana. Kalayan sabar Gusti Allah nuntun umat-Ipun satemah sansaya dangu dados umat ingkang sae lan gesangipun nuwuhaken kabecikan. Pramila Sang Juru Mazmur paring pepujan dhumateng Gusti Allah, kados ingkang kaserat ing ayat 8, ‘’Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan, sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.’’

Kados pundi kaliyan gesang kita samangke? Punapa sampun mujudaken lampah gesang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti Allah? Ing salebeting wulan kitab suci punika, kita katuntun dening tema: ‘’Kitab Suci nuntun kita dhateng pamratobat ekologis,’’ tegesipun Kitab Suci minangka sabdanipun Gusti Allah punika dados guru kangge kita, ingkang mucal lan nuntun kita tumrap pamratobat ekologis. Mangga kita mbangun turut dhateng timbalanipun Gusti supados kita saged dados umat ingkang dewasa, mandiri, lan dadya berkah kangge sesami lan sadaya titah. Amin. [ADS].

“He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku.”
(Wulang Bebasan 3:1)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak