Ora Sengaja Pancaran Air Hidup 7 September 2026

7 September 2026

Waosan: Kaimaman 4 : 27 – 31; 5 : 14 – 16  |  Pamuji: KPJ. 188
Nats: Manawa kang gawe dosa kang ora kajarag mau wong saka rakyat lumrah, nerak salah sawijining wewalere Pangeran Yehuwah, temah iku nandhang kaluputan,(Ayat 27)

Ing satunggaling dinten, Rudi sinau kelompok ing griyanipun Dodi. Ibunipun Dodi ingkang ningali kekalihipun sami sregep sinau, lajeng ndamelaken camilan lan es sirup. Nalika ngaso, Rudi tanpa sengaja nyenggol gelasipun lajeng pecah. Toya sirup punika kececeran ing andhapipun meja lan gelas punika remuk. Senadyan mboten sengaja, Rudi tetep nyuwun pangapura dhateng Dodi lan ibunipun, piyambakipun ugi purun ngresiki ceceran es sirup, pecahan beling gelasipun, sarta nggentosi gelas wau. Sanadyan Dodi lan ibunipun ikhlas, nanging Rudi tetep tanggel jawab kangge nggentosi gelas punika. Saking cariyos punika kita sami sinau bilih tumindak ingkang mboten sengaja, punika mboten saged ngicalaken raos tanggel jawab.

Waosan Kaimaman 4:27-31; 5:14-16 paring gegambaran bab paningalipun Gusti Allah tumrap dosanipun manungsa, sanadyan punika dosa ingkang mboten dipun sengaja. Asring manungsa punika rumaos aman, sak dangunipun “rumaos” mboten kagungan niatan awon. Ananging, pranatan saking kitab Kaimaman nedahaken nalika tiyang tumindak dosa dhumateng Gusti sanadyan tanpa sadhar, piyambakipun tetep lepat lan kedah ngaturaken kurban panebusan dosa. Punika nedahaken bilih standar kabeneran punika mboten alandhesan saking raos pangraos utawi niatan, nanging alandhesan saking Kasucening Gusti Allah. Dosa ingkang sepele saged damel jarak antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah. Karana punika, Gusti Allah karsa ngapunten tumrap umat ingkang mratobat. Pamratobat ingkang sejati punika mboten namung dipun ucapaken kemawon, nanging medal saking krenteging manah kangge ngewahi kalepataning gesangipun.

Gusti Allah estu ngersakaken kita sami gesang suci. Sampun ngantos kita nyepelekaken bab-bab sepele ingkang jalari kita dawah ing dosa. Awit dosa nggadhahi sifat ngrusak, mboten namung kangge dhiri lan sesami, nanging ugi saged ngrisak alam titahipun Gusti ing jagad punika. Sumangga kita nliti-priksa manah kita, Punapa wonten bab-bab ingkang kita anggep sepele utawi “mboten sengaja” nanging sejatosipun jalari dukanipun Gusti ugi sesami? Sumangga kita enggal mratobat lan netepi timbalan Gusti kangge ngrimati jagad raya punika kanthi mangun gesang mursid ing ngarsanipun Gusti. Amin. [mojoo].

“Tumindak ingkang tanpa sengaja, punika mboten saged ngecalaken raos tanggel jawab.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak