Brayat Ingkang Memuji Gusti Pancaran Air Hidup 1 Juli 2026

1 July 2026

Waosan: Yeremia 18 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 160
Nats: Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!(Ayat 11c)

Wonten salah satunggaling pepujian pop-rohani ingkang jejeripun “Bagaikan Bejana” ingkang mekaten lirikipun:

Bagaikan bejana siap dibentuk
Demikian hidupku di tangan-Mu
Dengan urapan kuasa Roh-Mu
Ku dibaharui selalu

Pepujian punika nedahaken dhateng kita bilih kita punika namung grabah saking lemah lempung ingkang dipun bentuk dening Gusti. Bentukipun gumantung kaliyan laku gesang kita piyambak-piyambak. Bilih tasik ala, nggih badhe dipun bubrah ngantos dados grabah ingkang sae miturut Gusti Sang Kundhi ingkang Agung.

Waosan punika salah satunggaling bab ingkang dados pepenget kangge bangsa Israel. Bab 18 punika nedahaken nabi Yeremia nampi Sabda saking Gusti, bilih piyambakipun kedah dhateng griyanipun kundhi. Wonten ing griyanipun kundhi punika, nabi Yeremia ningali kados pundi sang kundhi damel grabah mawi pirantinipun. Lajeng, Gusti Allah medharaken Sabdan-Ipun bilih bangsa Israel punika sampun tumindak ala. Mila Panjenenganipun badhe mbedhol, mbubrah, lan mbengkas tumrap bangsa Israel (Ay. 7). Ananging, menawi bangsa Israel purun mratobat, Gusti Allah badhe paring pangapunten. Gusti Allah punika kuwaos bentuk para umat-Ipun kados grabah ingkang dipun bentuk dening sang kundhi. Umat-Ipun badhe dipun bentuk kanthi sae awit Panjenenganipun punika Sang Kundhi Agung.

Gusti mboten namung bentuk kita dados grabah, ananging ugi bentuk brayat kita dados grabah ingkang sae. Menawi kita sabrayat sedya dipun bentuk ngantos sae, kita sabrayat  kedah nglampahi gesang bebrayatan kanthi sae. Kita ngaturaken pisungsung ingkang sae, inggih punika lelampahan brayat ingkang sae miturut karsanipun Gusti. Mekaten ugi kita tansah memuji Gusti ing gesang bebrayatan kita, tansah eling-ingilingake, paring pitutur, lan tumindak sae. Sadaya punika nedahaken bilih kita saged dados “grabah” ingkang sae. Sampun wancinipun, brayat kita dados “grabah” ingkang sae wonten ngarsanipun Gusti Allah. Mangga kita wujudaken gesang bebrayatan ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Gusti paring kakiyatan dhateng kita sadaya. Amin. [HADS].

“Memuji Gusti Kaliyan Brayat Kawula Kanthi Sukarena.

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak