Waosan: Galati 5 : 2 – 6 | Pamuji: KPJ. 320
Nats: “Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.” (Ayat 6)
Dinten punika dados dinten wiwitan wulan kaluwarga ing GKJW kanthi ngraosaken tema: Membangun Mezbah Keluarga. Kathah ing atawis kita sampun mangertos lan mboten asing kaliyan tembung “Mezbah Keluarga.” Sinaosa mekaten, taksih kathah brayat GKJW ingkang dereng saged mujudaken ing satengahing gesang bebrayatan. Wanguning Misbyah Brayat dados salah satunggaling tetenger kapitadosan brayat Kristen dhumateng Sang Kristus.
Sampun dangu tetak dados tetenger janji prasetyanipun Gusti Allah tumrap bangsa Israel. Nanging sasampunipun Sang Kristus ngrawuhi jagad, pratandha janji kawilujengan mboten malih dipun tengeri mawi tetak. Mekaten ugi bab Angger-anggering Toret, sampun mboten malih dados satunggal angger-angger ingkang kedhah dipun ugemi kanthi kaku. Mila tumraping Rasul Paulus, tiyang ingkang wangsul dhateng angger-anggering Toret badhe nampi akibatipun, badhe wonten ing satengahing bebaya sak njawinipun kawilujengan awit sampun nampik pakaryanipun Sang Kristus ing Salib (Ay. 2, 4). Sang Kristus mboten saged paring kawilujengan tumrap tiyang ingkang taksih ginubeg ing angger-angger Toret. Ing sisih sanes, pasamuwan Galati ingkang sampun nampi kawilujengan ing Sang Kristus sami kaengetaken supados sampun ngantos kesasar ing piwucal ingkang nyasaraken. Pasamuwan Galati kedah mandheng ing Sang Kristus lan pakaryan-Ipun, sanes aturan tata lair manungsa kemawon.
Misbyah brayat dados tetenger ingkang sae tumrap pigesangan brayat Kristen. Wonten ing satengahing mizbyah brayat, kita nyawisaken wekdal, nunggil ing ngarsanipun Gusti sesarengan sabrayat. Brayat sami asung pamuji ing ngarsanipun Gusti, sami mirengaken lan ngraosaken dhawuh pangandikan-Ipun, murih sami gadhah sangu kangge nglampahi gesang padintenan. Jaman samangke sampun wonten sarana teknologi ingkang nyagedaken sadaya anggota brayat mangun misbyah brayat sinaosa manggen ing papan tebih. Kantun pripun anggenipun kita nyawisaken wekdal ingkang dados prekawis. Mugi kita saged nglampahi timbalan mangun patunggilan punika, mboten dados jiret kados tetak lan angger-angger toret ingkang nebihaken kita saking pakaryaning Sang Kristus. Ingkang langkung utami, mangga saben kita nindakaken misbyah brayat, kita sami ngarahaken manah kita lan brayat kita namung ing Sang Kristus piyambak. Amin. [jarwi].
“Misbyah brayat ingkang ngener ing Sang Kristus saestu nuntun ing kawilujengan.”