Waosan: Yeremia 18 : 18 – 23 | Pamuji: KPJ. 97
Nats: “Kasaenan punapa badhe kawales piawon? Ewadene sami ndudhuk luwangan kangge kawula!” (Ayat 20a)
Wonten satunggaling wekdal, wonten satunggaling perawat ing griya sakit ingkang nyariosaken pengalamanipun dhateng kula. Piyambakipun cariyos, “Ingkang paling angel punika sanes ngrawat tiyang ingkang gadhah tatu ing badanipun, nanging tiyang ingkang manahipun kasrakat awit dipun khianati utawi dipun tilar. Tatu ing badan saged saras kanthi tamba. Nanging tatu batin? Namung saged dipun sarasaken kanthi katresnan lan pangapunten.”
Nabi Yeremia dipun utus Gusti Allah kangge nyebaraken kayekten wonten ing satengahing bangsa Israel. Ing sajroning timbalan punika, Yeremia mboten namung nandhang sangsara raga, nanging ugi nandhang sangsara batin ingkang awrat. Piyambakipun dipun singkiraken, dipun fitnah, malah dipun ancem badhe dipun pejahi dening bangsanipun piyambak. Wonten Yeremia 18:18–23, kita saged mireng jerit manahipun Yeremia ingkang tatu batinipun. Yeremia sampun nindakaken kabecikan, nanging ingkang dipun tampi malah piala. Saking pangraos lan pergumulanipun Yeremia punika, kita saged sinau prekawis ingkang wigati, inggih punika kasehatan sejati. Punika mboten namung prekawis badan ingkang kiyat, nanging ugi manah ingkang jujur wonten ngarsanipun Gusti. Yeremia mboten nyimpen tatu punika piyambakan. Piyambakipun sowan dhumateng Gusti, nyawisaken lan ngaturaken sadaya ingkang wonten manahipun: nesu, sedih, kuciwa, lan bingung. Yeremia mangertos bilih Gusti Allah punika tabibing jiwa ingkang saged nyarasaken tatu manahipun ingkang paling lebet.
Gusti ngersakaken umatipun ngraosaken syalom, tentrem rahayu ingkang pepak, ing pundi badan, pikiran, lan roh lumampah sarujuk. Tentrem punika kawiwitan nalika kita purun sowan dhumateng Gusti kados Yeremia. Kita purun jujur, punapa ananipun, tanpa topeng karohanen. Yeremia paring piwulang dhateng kita bilih ngupadi kesehatan lair lan batin punika mboten namung prakawis tamba lan terapi, nanging prekawis gegayutan ingkang leres kaliyan Gusti Allah. Nalika manah kita sampun dipun sarasaken, badan ugi saged ngraosaken tentrem. Mangga kita sami sinau saking Yeremia: purun sowan dhumateng Gusti kanthi tatu ingkang wonten, awit wonten ing astanipun Gusti, tatu ingkang paling lebet, saged dados pratandha pangreksa lan pamulihan saking Gusti dhateng kita. Amin. [dvd].
“Nalika manah sampun dipun sarasaken dening katresnanipun Gusti, badan lan jiwa kita sami manggih tentreming gesang.”