Waosan: Ibrani 13 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 431
Nats: “Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.” (Ayat 16)
Bilih kita maos buku, wonten ing pungkasanipun bab ingkang kita waos punika, wonten rangkuman saking isi bab punika. Rangkuman punika sejatosipun kangge pangiling-iling saksampunipun kita maos bab punika. Ing ngriku nyerat punapa kemawon poin penting sajroning bab punika. Dados rangkuman punika mboten kangge menakaken kita maos bab buku punika awit namung maos rangkumanipun kemawon. Ingkang bener nggih kedah kita waos sadaya bab langkung rumiyin lan rangkuman punika dados pangiling-iling saking bab ingkang sampun kita waos.
Juru serat kitab Ibrani paring pepenget dhateng para tiyang pitados saking kelompok Ibrani supados setya ndherek Gusti Yesus. Wujud kasetyan punika sampun kaserat wonten ing wiwitan kitab Ibrani lan ing waosan kita bab 13 punika paring poin penting. Bab nresnani sesami kados sadulur, mboten eksklusif nanging purun nampi sadaya tiyang ingkang benten golongan, peduli dhateng para tiyang ingkang kinunjara, mboten nindakaken laku zina, nampi sadaya berkah peparing Gusti lan mboten serakah, nuladha para pemimpin inggih punika para rasul ingkang setya tumrap imanipun ngantos pungkasan gesangipun. Sadaya punika dados pawartos ingkang penting kangge para umat supados dipun tindakaken ing gesang padintenan. Salajengipun juru serat Ibrani paring pirsa bilih Gusti Yesus punika sampun paring panebusan dosa, sampun ngurbankaken Sariranipun kangge nebus dosa-dosa manungsa. Sadaya punika kedah dipun syukuri, mboten namung lumantar pisungsung sokur nanging ugi wonten ing laku gesang padintenan ingkang ngluhuraken Gusti.
Wonten buku katekisasi calon sidi GKJW ingkang judulipun Sayalah GKJW ing bab iman Kristen, kasebataken bilih dados tiyang Kristen punika mboten cekap namung wonten ing identitas. Dados tiyang Kristen punika inggih margining gesang. Pramila bilih kita punika dados pandherekipun Gusti Yesus, punapa ingkang dados tanggel jawab kita kedah katindhakaken ing salebeting gesang. Bilih kita taksih dereng nindakaken, sumangga kita wiwiti sapunika, kita wujudaken piwucalipun Gusti salebeting gesang kita, satemah kita dados pandherekipun Gusti Yesus ingkang sejati. Amin. [BWP].
“Iman tanpa tumindak sejatosipun mati.”