CCTV Pancaran Air Hidup 23 Mei 2026

23 May 2026

Waosan: Jabur 33 : 12 – 22  |  Pamuji: KPJ. 431
Nats: ‘’Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane.’’ (Ayat 18)

Gesang ing jaman samangke kathah piranti teknologi ingkang saged mbiyantu lan ndadosaken gesang sansaya gampil, lancar, lan aman. Salah satunggaling piranti punika CCTV (Closed Circuit Television) ingkang ginanipun kangge ngawat-awati kahanan ing satunggal panggenan lan wonten rekaman ingkang saged dipun puter nalika badhe mriksa menawi wonten kedadosan ingkang dados kawigatosan. CCTV punika kathah ingkang dipun pasang wonten kantor, griya, margi, lan papan sanesipun. Cekakipun CCTV punika kados netra ingkang tansah ningali lan ngawat-awati kahanan ing sakupengipun supados saged nuwuhaken raos ayem dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing papan punika.

Mekaten ugi pamanggih lan pangraos saking Juru Mazmur nalika ngganggit Jabur 33 punika. Juru Mazmur ngraosaken bilih Gusti Allah punika pirsa lan nggatosaken punapa ingkang dados kabetahan lan kahanan para umat kagungan-Ipun. Gusti Allah dipun tepangi kaliyan bangsa Israel minangka Gusti Allah ingkang tansah wonten ing sejarah lampah gesangipun Israel. Nalika Gusti Allah pinanggih kaliyan nabi Musa ing gunung Horeb, Panjenenganipun ngandika, “Ehyeh asyer ehyeh” ingkang ateges  Ingsung Ana Kang Ana (Pangentasan 3:14). Kantun samangke gumantung kaliyan manungsa ingkang nglampahi gesang nalika dipun awat-awati dening Gusti Allah, rumaos ayem punapa ajrih? Kita badhe rumaos ayem nglampahi gesang menawi tumindak gesang kita manut dhateng karsanipun Gusti. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah nganthi lan mberkahi lampah gesang kita. Kosok wangsulipun, kita badhe rumaos ajrih menawi kita mboten setya dhumateng Gusti, kita nindakaken dosa lan kalepatan. Kita ajrih menawi sawanci-wanci dosa lan kalepatan kita ketawis ing paningalipun Gusti.

Wonten ing salebeting wulan kespel punika kita sami dipun engetaken bilih badan kita punika minangka padalemanipun Gusti. Tegesipun sadaya lampah gesang kita ing donya punika mboten kalis saking paningalipun Gusti Allah. Gusti Allah pirsa sadaya tumindak, pangucap saha pemanggih kita. Pramila, sumangga kita sami nglampahi gesang ingkang mbangun miturut dhumateng karsa lan rancanganipun Gusti Allah, klayan raos ajrih asih, bingah, lan kebak tanggel jawab. Amin. [ads].

“Rahayu wong wedi asih mring Yehuwah Allahe.” (KPKL 32)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak