Kapenuhan Ing Roh Suci Pancaran Air Hidup 21 Mei 2026

21 May 2026

Waosan: Lelakone Para Rasul 2 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 346a
Nats: “Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.” (Ayat 4)

Mboten sadaya tiyang wantun dados saksi nalika wonten ing pangadilan. Kenging punapa? Awit dados saksi punika awrat, piyambakipun kedah wantun nyariosaken kedadosan ingkang sanyata lan sabeneripun. Bilih paseksinipun punika goroh, piyambakipun saged dipun kunjara awit sampun nedahaken kesaksian palsu. Pramila mboten gampang dados saksi punika.

Saderengipun Gusti Yesus mekrad dhateng swarga, Panjenenganipun ngandika dhateng para sakabat-Ipun supados mboten nilaraken Yerusalem lan ngrantos kababaring janji bab tumedhaking Sang Roh Suci (LPR. 1:4). Para sakabat manut, sami makempal ing Yerusalem sanadyan ngadhepi kawontenan ingkang mbebayani. Nalika dinten Pentakosta, para sakabat makempal ing satunggaling papan lan Sang Roh Suci tumedhak ing saben tiyang pitados. Tumraping greja, Pentakosta punika mujudaken pengetan tumedhaking Sang Roh Suci, ing pundi para sakabat nampi panguwaos matemah dados saksinipun Sang Kristus ing Yerusalem, Yudea, Samaria lan salumahing bumi (LPR. 1:8). Selajengipun para sakabat sami sumebar martosaken Injiling Sang Kristus ingkang dados margining kawilujengan. Para sakabat asung paseksen bab pakaryan-pakaryan ageng ingkang katindakaken dening Gusti Allah lumantar pakaryaning Sang Roh Suci, ingkang nuntun para umat dhateng gesang langgeng.

Tiyang pitados ingkang kapenuhan Sang Roh Suci, gesangipun tansah manut lan setya tuhu dhumateng Gusti. Sang Roh Suci ingkang makarya ing gesang kita nuntun kita dados seksin-Ipun Sang Kristus dhateng jagad. Kita kasagedaken martosaken Injiling Gusti, matemah sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus minangka Juruwilujenging manungsa kaparingan sih rahmat dan gesang langgeng. Awit saking punika, sumangga kita nyawisaken gesang kita kagem Sang Roh Suci nguwaosi gesang kita sawetahipun, matemah kita kapenuhan Sang Roh Suci. Sampun ngantos kita ngandelaken kakiyatan kita piyambak. Pengalaman para sakabat dados bukti bilih gesang kapenuhan Sang Roh Suci dadosaken kita ngalami prekawis-prekawis ingkang ageng lan ngedab-edabi ing gesang kita. Mukjizatipun Gusti nyata wonten ing gesang kita. Panjenenganipun pirsa bab gesang kita lan sadaya momotaning gesang kita. Namung sarana manut pangrehing Gusti lan pasrah sumarah ing Gusti, ndadosaken ayem tentreming gesang kita. Amin. [NPR].

“Gesang kapenuhan Sang Roh Suci ndadosaken kita gesang manut ing pangrehing Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak