Waosan: Pangandharing Toret 31 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 182
Nats: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub.” (Ayat 10)
Saben titah ing donya punika gesang saking sih-rahmating Gusti. Manungsa saged nandur lan nyirami nanging mboten saged damel winih tuwuh. Wohing bumi, jawah, angin, lan padhanging srengéngé punika sadaya pangreksa saking Gusti. Mila, nalika pasamuwan mlebet riyadin Undhuh-undhuh, kita mboten namung ngaturaken wohing bumi utawi barang darbe kita kemawon, nanging kita ugi ngaturaken manah ingkang kebak saos sokur lan panuwun, minangka pralambang iman kita ing lelampahaning gesang.
Ing Kitab Pangadharing Toret 31:1-13, Nabi Musa nglantaraken piwucalipun saderengipun kapundhut. Piyambakipun mucal supados saben pitung taun, bangsa Israel nindakaken Riyadin Tancebing Tarub. Riyadin punika nggadah kalih pralambang agung. Sepisan, minangka pangeling bilih leluhuripun bangsa Israel nate ngembara ing ara-ara samun, gesang ing pondok ingkang prasaja, nanging tansah dipun ayomi Gusti. Ing ngriku tarub dados pralambang katentreman ing satengahing kawontenan ingkang ringkih, pratandha bilih Gusti Allah mboten nate nilar umat-Ipun. Kapindho, minangka pepasthen panen, nalika woh bumi kasembadan, umat sami ngaturaken panuwun. Riyadin punika dados piwucal bilih kamakmuran punika kedah nuntun bangsa Israel enget dhumateng Gusti Allah.
Saking waosan, kita sinau bilih kamulyan lan kamakmuran sejati namung wonten ing pangayomaning Gusti. Gusti ngersakaken kita mboten namung ngaturaken sokur kanthi tembung, nanging ugi ngleluri iman lan nglampahi piwucalipun kanthi laku becik saben dintenipun. Saben berkah ingkang kaparingaken, dados piwucal supados kita tansah enget Gusti lan andhap asor minangka wujuding katresnan kita dhumateng Gusti. Ing satengahing pasamuwan GKJW, para umat kanthi bingah, semangat, lan tresna nglestarekaken riyadin Undhuh-undhuh minangka pepasthen iman lan saos sokur. Lumantar tradisi punika, para putra sami dipun ajak sinau ngaturaken sokur, dene para sepuh nglantaraken piwucal lan tuladha, satemah undhuh-undhuh punika dados piwucal iman ingkang ngreksa gesang bebrayan kanthi kabecikan lan katresnan. Mugi mangsa Undhuh-undhuh punika dados sumber kabingahan ingkang nuntun pasamuwan ngraosaken sih-rahmating Gusti kanthi temen, bekti, saha nuwuhaken katentreman. Amin. [KYP].
“Berkah punika piwucal ilahi kang nuntun manungsa eling lan nyawiji kaliyan karsanipun Gusti.”