Waosan: Lelakone Para Rasul 27 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 198
Nats: “Para sadherek, saking pangraos kula, anggen kula sami lelayaran punika badhe manggih aral kathah saha badhe kapitunan ageng, mboten namung baita samomotanipun kemawon, nanging dalasan gesang kita pisan.” (Ayat 10)
Sadaya tiyang gesang wonten ing jagad punika tamtu mboten uwal saking maneka warni pacobaning gesang. Wujudipun pacobaning gesang punika saged gegayutan prekawis kabetahan “ekonomi”, pandamelan, sesambetan ingkang mboten sae, peladosan lsp. Pacoban ingkang kasebataken kalawau saged anrejang gesang kita kanthi gilir gumantos. Bilih manah kita namung mandeng babagan pacobaning gesang kemawon, tamtunipun kita rumaos mboten kiyat ngadepi sadaya pacoban punika. Ananging, bilih kita mandeng panguwaos, pakaryan, lan kasetyanipun Gusti Allah tamtu kita badhe pinaringan kakiyatan satemah kita tetep kiyat ngadepi pacobaning gesang punika.
Waosan kita nyariyosaken bab lelayaranipun rasul Paulus tumuju dhateng Itali. Jejeripun rasul Paulus ing ngriki sanes minangka tiyang ingkang martosaken injil, ananging minangka tiyang tahanan ingkang badhe dipun adili wonten kutha Roma. Karana kawontenan “cuaca” ingkang awon, lelayaranipun rasul Paulus ngadhepi maneka warni pambengan ngantos rasul Paulus lan para tahanan lintunipun dipun pindhahaken dhateng kapal sanes ingkang ugi badhe tumuju dhateng Itali (Ay. 6). Pramila, rasul Paulus ngemutaken Yulius minangka opsir wadyabalanipun Sang Nata Agung supados menggak lelayaran punika. Ananging Yulius langkung ngandel marang juru-mudhi kapal tinimbang pemanggihipun rasul Paulus krana rumaos langkung mangertos lan gadhah pengalaman lelayaran ing salebeting kawontenan ingkang kados mekaten (Ay. 11-12).
Saking cariyos lelayaranipun rasul Paulus punika, piwucal luhur ingkang saged kita dadosaken pitedah lan panuntuning gesang kita, inggih punika:
- Sadar bilih gesang kita mboten uwal saking maneka warni pacobaning gesang.
- Kita kedah mandeng lan pitados dhumateng panguwaos, pakaryan, lan kasetyanipun Gusti Allah dhateng kita. Temahan kita kiyat ngadepi maneka warni pacobaning gesang. Punika ingkang njalari kita saged saos sokur wonten ngarsanipun Gusti Allah.
- Kanthi andhap asoring manah, kita purun mirengaken lan nampi pitutur, pepenget, pemanggih sae saking sesami kita kangge kesaenan gesang kita. Sampun ngantos kita dados tiyang ingkang wangkot, rumaos paling bener lan pinter, punapa malih keminter awit estunipun kita punika winates. Amin. [G_Mbul].
“Aja kuwatir lan sumelang, awit Gusti Yesus setya nganthi lan ngreksa uripmu.”