Ndedonga Lan Makarya Pancaran Air Hidup 9 April 2026

9 April 2026

Waosan: Kolose 4 : 2 – 5  |  Pamuji: KPJ. 346A
Nats: “Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.” (Ayat 5)

Wonten salah satungiling majelis pasamuwan nate paring pitakenan mekaten, “Kenging punapa bilih kita punika ndedonga kedah merem pak?” Pitakenan punika ketingalipun sepele, nanging pitakenan punika tamtu nate wonten ing salebeting manah lan pikiran kita. Wangsulan saking pitakenan punika supados kita saged fokus, manah lan pikiran namung tumuju dhumateng Gusti. Saking ngriku kita saged ngeneraken manah kita wonten ing Gusti.

Ing waosan kita saking Kolose punika, Rasul Paulus ngajak para umat sami ndedonga kagem Rasul Paulus lan para rencangipun ingkang martosaken Injil Yesus Kristus. Wonten ing ayat 2 Rasul Paulus ngajak para umat supados tegen sajroning ndedonga lan saos sukur. Awit wonten ing pigesangan punika katah sanget panggodha ingkang saged nebihaken para umat anggenipun ndedonga lan rumaket dhumateng Gusti. Alasanipun mawarni-warni, kados mboten gadhah wekdal, kesupen, males, lsp. Karana punika, saos sukur kedah wonten sajroning pandonga kita. Sadaya punika krana berkah ingkang sampun kita tampi saking Gusti. Ing ayat 3-4 kasebataken bilih sadaya pandonga punika sejatosipun wujud Gusti Allah ingkang nguwaosi gesang kita, satemah pandonga kita punika, kita pasrahaken wonten ing Astanipun Gusti. Lan ing ayat 5 nedahaken bilih ndedonga punika dados wujud tumindak nyata ingkang kita tindakaken minangka pandherekipun Gusti Yesus. Prentah Rasul Paulus ing pungkasan seratipun ngajak para umat sami asung pandonga minangka tumindak nyata dados pandherekipun Gusti Yesus.

Sajroning lampah pigesangan kita sami, mangga kita pirsani, punapa pandonga kita punika sampun kita tindakaken kanthi setya, punapa namung nalika kita nandhang momotan? Lan punapa tumindak padintenan kita sampun miturut kaliyan karsanipun Gusti? Pangenget saking Rasul Paulus wekdal punika ngajak kita tegen ing pandonga lan tumindak nyata. Kados sesanti Ora et Labora, ndedonga lan makarya, sumangga sesanti punika kita wujudaken ing gesang padintenan kita. Amin. [BWP].

“Pandonga margining kita rumaket dhumateng Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak