Mboten Perlu Bingung Malih Pancaran Air Hidup 3 April 2026

3 April 2026

Waosan: Ibrani 10 : 16 – 25  |  Pamuji: KPJ. 382
Nats: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine, …” (Ayat 16c)

Saben tiyang tamtu nate bingung salebeting gesangipun, bingung kaliyan pilihan pundi ingkang kedah dipun pilih lan dipun lampahi. Raos bingung punika kados-kados mbeta kita ing prateloning margi, ing pundi kita mboten mangertosi babar pisan pundi margi ingkang leres. Badhe nyuwun pirsa tiyang sanes, ananging mboten wonten satunggal-satunggala tiyang ingkang mangertosi bab margi punika. Badhe mendhet margi sisih kiwa, wonten mrika katingal marginipun kathah ingkang risak. Badhe mendhet margi sisih tengen, kita dereng yakin bilih margi punika estu badhe mbeta kita dhateng papan ingkang kita tuju. Lajeng kita kagodha wangsul (putar balik), ingkang ndadosaken kita mboten dumugi dhateng papan ingkang kita tuju kejawi namung saged nglampahi gesang ingkang sakderengipun kita lampahi.

Waosan kita maringi pitedah bab margi ingkang estu. Ayat 16-18 mratelakaken bab Prajanjen Enggal ingkang saged paring pangluwaran dhateng kita saking raos bingung. Gusti Yesus ngandika, “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine, sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.” Pangurbananipun Gusti Yesus sapisan kangge selaminipun. Sedanipun Gusti Yesus ing salib, sampun mbayar lunas paukuman ingkang sakmestinipun kita tanggel. Pangurbananipun Gusti Yesus mbikak margi enggal lan gesang tumuju dhumateng Gusti Allah. Kelambu pamisah sampun kasuwek dening Sariranipun, negesaken bilih kaadilan-Nipun sampun sampurna lan kita saged sowan Panjenenganipun tanpa alangan malih.

Margi enggal punika minangka pamuput kita saking prateloning margi gesang. Kita sampun mboten prelu kawatesan pambudidaya ingkang tanpa gina lan mboten mesthi. Gusti Yesus paring margi enggal lan panuntun dhateng kita. Kita saged mardika saking panguwaosipun dosa. Kamardikan saking awratipun dosa punika kedah dipun wujudaken ing tumindak nyata. Ayat 22-25 ngajak kita nindakaken tigang bab: sepisan, sowan dhateng Gusti Allah kanthi tulus; kaping kalih, kita nggadhah pangajeng-ajeng; lan kaping tiga, kita kedah gesang ing katresnan sarta nglampahi pandamelan sae. Sumangga kita nilar prekawis-prekawis ingkang ndadosaken kita bingung lan lumampah ing margi enggal ing Sang Kristus. Amin. [YEP].

“Peta saged nedahaken margi, netranipun kapitadosan nggesangaken pangajeng-ajeng.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak