Waosan : Jabur 51 : 1 – 21 | Pamuji : KPJ. 76
Nats : “Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!” (Ayat 17)
Ing zaman digital punika, kathah tiyang ingkang pinter nyamaraken kahananipun. Foto ngguyu saged nyimpen kasisahan, status bingah saged nyimpen tatu ing batin. Tiyang remen damel status, nanging kecalan makna sejatinipun gesang, kados griya ageng nanging tembokipun retak lan namung dipun cet mawon. Jabur 51 punika ngajak kita mbikak samubarang topeng. Dawud, Ratu Israel ingkang linuwih, mboten isin ngakeni dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Piyambakipun pitados bilih mboten rupi ingkang dipun tingali dening Gusti, nanging manah. Mangsa Pra Paskah punika wekdal kangge kita wangsul dhateng katulusan sejati lan pamulihan saking Gusti.
Jabur 51 punika pangaken tulus Sang Prabu Dawud sak sampunipun tumindak dosa kaliyan Batsyeba. Prabu Dawud mboten mbela dhiri, mboten nyalahaken tiyang sanes, nanging purun ngakeni lan nelangsani dosanipun kanthi asor dhumateng Gusti. Piyambakipun mangertos bilih Gusti mboten karsa kurban lairiah kemawon, nanging manah ingkang tulus lan remuk. Dosa punika mboten namung kaluputan lair kemawon, nanging ugi peranganing manah ingkang kecalan margi. Ing ngriki, Prabu Dawud nyuwun supados dipun resiki saking dosanipun, dipun sucekaken gesangipun, lan dipun tuntun dening Gusti. Jabur 51 punika saged dados piwucal kangge kita: jujur dhumateng Gusti punika wiwitaning pamulihan sejati. Gusti mboten mandeng cacading manungsa, nanging remuking manah kita ingkang purun dipun pulihaken.
Salebeting gesang ing jaman sapunika, tiyang langkung ningali punapa ingkang katingal (lairiah) tinimbang punapa ingkang mboten katon (batiniah). Jabur 51 punika dados kaca pangilon kangge kita, bilih pamulihan punika tuwuh saking pangaken dosa ingkang jujur ing ngarsanipun Gusti. Mangsa Pra-Paskah punika, wekdal kangge kita ngempalaken kawigatosan, maringi papan dhateng katulusan, lan mlampah ing margi ingkang leres. Mangga kita sami ngakeni dosa kita, mratobat dhumateng Gusti, awit Gusti karsa nampi kita kanthi sih katresnan. Sampun ngantos kita ajrih ngakeni dosa kita wonten ing ngarsan-Ipun. Mangga kita mbikak manah kita, nyuwun agunging sih pangapunten, lan nyuwun panuntuning Gusti salebeting gesang kita. Awit saking manah ingkang remuk punika, Gusti karsa mulihaken sesambetan kita kaliyan Panjenenganipun. Amin. [WAY].
“Pemulihan sejati punika kawiwitan saking manah ingkang jujur lan tulus.”